R. Binata Nyathet Ucap Using Hang Saiki Wis Ilang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 19 Mei 2023 10:00 WIB)
- Laporan



Wong Jawa hang arane R. Binata antarane taun1929-1932 nyathet ucap-ucap Banyuwangi hang ditemokaken ring kamus basa Kawi-Bali karangane Dr. Herman Neubronner van der Tuuk, ahli basa hang nggawe petang jilid Kawi-Balineesch Woordenbook lan ditakokaken artine nang wong-wong tuwek hang bisa dipercaya.

Iki nduduhaken gok mula basa Using (tepak wektu cathetan iku digawe magih lebih kerep disebut basa Banyuwangi), odode nong basa Jawa kuna/basa Kawi. Mangkane kangggo nduduhaken gedhene pengaruh basa Jawa Kuna iki, Pak Hasan Ali hang nyusun Kamus Using-Indonesia ngotot nang penerbite hang arep mbusek keterangan JK (Jawa Kuna) ring kamus iku.

Cathetan iku ana 11 buku hang jumlah halamane beda-beda teka 12-45 lan dijuwut teka KBW jilid hang beda-beda.

Hang nggawe girang cathetane iki:

a. Magih nyimpen resep olah-olahan jaman bengen. Karang menanci: ragi iwak: uyah, lobok, bawang, merica, asemsithik, aju digoreng ring lenga nganggo didelehi kecap.

b. Nyathet ucap-ucap hang saiki wis arang dienggo

meribu: pirangane ewu (saiki nyebute ewonan)

- Anake sapi embeng, gedhi sithik jawen (kadhung lanang). Saiki hing dibedakaken, anak sapi kadhung sing emeng ya jawen.

- Welaran: pekarangan sebelahe kampungan

c. Ana hang artine uwah, bengen artine aran, saiki paran. Iki anjrah basa iku uwah miloni jaman.

Kenyab: polah tingkahe lare wadon hang kaya tingkahe lare lanang

d. Nyimpen inpormasi penting hang sing diweruhi maning:

- Padulangan ring tanah Purwa: manut gugon tuhone wong-wong akeh apan ana angina (barat) teka kidul-wetan arah teka teluk Purwa, bakal akeh penyakit merga nggawa  hawane kayu upas sadulang. Ana wong hang ngarani saking dhuwure kayu upas iku sundhul langit, mulane sampek seperene diarani: upas sadulang.

Maju 1. Mbeksa 2. Mundhak 3. Maju kayu, kayu disigar nganggo paju.

Mau bengi isun nonton gandrung ring umahe bebahu, marine dudu njaban, munggaha njaban isun arep maju. Umume kadhung ana tanggapan gandrung iku nganggo ulem-ulem, ana hang using. Hang sing ana ulem-ulem iku arane dijabaaken. Saben wong kena beksa iku uga nganggo tombokan sakkarepe ganti-ganti. Hang anjrah, ngeloro, wong lanang loro ambi wong wadon siji.

-Pogot: macan cilik, gedhine padha ambi macan tutul. Arane iwak segara, sisike kaya macan pogot loreng-loreng. Saiki hang diweruhi mung iwak.

- Jirek:kepundhung putih. Nong wilayah kutha, uwoh kepundhung iku ya kabeh hang putih lan hang umume abang. Nong Gua Sodong ucap jirek iki ya magih ana tapi mung ucap padhanan kepundhung.

Mahem; mangan (kanggone lare). Nyanyak: mangan kanggone lare cilik hang durung bisa ngomong.

e. Nyimpen keterangan hang saiki wis hing dikenal maning:

Dalitan: antarane bolongan bacot kiwa tengen

Magih akeh maning kadhung dipetani siji-siji.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Potrek: Herman van der Tuuk ( Wikipedia)

Editor: Hani Z. Noor