Rampak Terbang SMA Taruna Budaya Rogojampi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Oktober 2022 07:07 WIB)
- Laporan



Gebyar Rampak Terbang SMAN Taruna Budaya Rogojampi, unibengi ngerameken Muludan kanggo mengeti lair, juwang dakwah lan wapate Kanjeng Nabi Muhammad SAW ring panggung  latar SMAN 1 Taruna Budaya Rogojampi. "Tatanan koreo lan musike pas. Ukurane cukup. Isun minangka alumnus sampek kepingin sekolah maning ning kene. SMAN 1 Taruna Budaya iku durung cukup rong taun umure. Taping kemampuan siswa/siswine uwis katon rata lan kualitas. Isun yakin kesenian ring Banyuwangi sing kira asat," abane Sutenang, ngewakili Kepala Cabang Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur ring Kab.Banyuwangi.
   Kepala SMAN 1 Taruna Budaya Rogojampi,  Drs. Akib Efendi negesaken kadhung rińg sekolahan hang dipimpin iku lare-larene kompak, lancar-lancar lan tenaga gurune omes ulihe ngajari.

"Berangkat teka keberhasilane Festival Rampak Kendhang dadi inspirasi kanggo nggarap gebyar Rampak Terbang. Ya iki carane SMAN 1 Taruna Budaya ngelairaken rasa dhemen keliwat-liwat ning Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Isun sing ngarti kelendi penampane Pengeran. Arane Taruna Budaya,  ngungkapaken dhemen ya nganggo kesenian lan budaya!" Ujare Akib mungkasi pidhatone.
   Gebyar panggung seni budhaya bengi iku (15/10) dikawiti  kelawan lomba MTQ, Musik Akustik Islami lan lomba Jodhang endhog-endhogan. Hang nekani acara iku sing mung kabeh murid lan guru, taping uga ditekani ambi Forpimka Rogojampi hang dikomandani Camat H. Hartono. Jejerane pengurus Komite Sekolah, pengurus MWC Rogojampi, tokoh masarakat, pengarep agama lan jamiyah-jamiyah agama uga ditekani ambi staf Bidang Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi lan salah siji anggota pengurus Dharma Wanita Disbudpar Seksi Sosial Budaya.
   Kang Ujik nalika iku dijaluki komentar ngomong, kadhung Gebyar Rampak Terbang iku dikolaborasi ambi Rampak Kendhang aju digebyar ring panggung seni lapangan Taman Belambangan seru epase.  Kerana panggonane wera lan hang ndeleng uga lebih umum maning. Acara hang sampek dalu iku dipungkasi ceramah agama hang disampekaken ambi KH.Jubaidi Kusnandi teka Badean.
   Ring jerone ceramahe, kyai hang deles basa Usinge iku nyampekaken pentinge uwong tuwek minangka wali murid, kudu tirakat kanggo anak-anake. Para Guru uga kudu gelem ndongakaken murid-muride sedurunge turu lan murid-muride kudu taat ning uwong tuwek loro lan ning guru-gurune.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor