Rebo Pungkasan ring Bulusan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 September 2022 07:06 WIB)
- Laporan



Rebo Pungkasan/Wekasan, ana hang kepeleset nyebut Bungkasan, iku ana ring pungkase ulan Sapar.
   Ring jaman jahilliyah (jaman peteng, sedurunge ana sunare Islam) ulan Sapar dianggep minangka ulan hang  nggawa belahi. Naming, Islam muruki gok kabeh ulan iku apik. Malah ana hang dianggep suci. Kabeh dina iku apik masiya ana hang paling apik. Naming kene kudu waspada kelawan ngakehi sembayang hajat njaluk lindhungan nyang Pengeran merga ring Rebo Pungkasan iki Alloh ngedhunaken 320 ewu penyakit. Mung Pengeran Hang Mahaweruh.
    Masarakat pesisir nduwe tradhisi selametan ring pinggir pesisir hang dikawiti kelawan kirim-kirim donga kanggo keluwarga nelayan hang uwis nyulungi mati.  Ana uga  ambi sedhekah segara ditengeri kelawan larung sesaji.
   Iku uga dilakoni ambi warga Kelurahan Bulusan Kecamatan Kalipuro, Banyuwangi tanggal 21 September kepungkur. Pesisire iki ulih sak elore Cacalan hang sakat bengen kerep dianakaken Rebo Wekasan. Bengen taun 1970an ring Cacalan iku hing mung wong adus-adusan naming ya ana gandrung, jaranan malah boksen utawa tinju hang bisa dipiloni penonton sapa bain hang wanen munggah kalangan.
   Selametan Rebo Pungkasan iku diramekaken ambi gandrung lan jaranan. Ana uga atraksi uber-uberan perahu nelayan ring Segara Blambangan utawa hang dikenal kelawan sebutan Selat Bali.
   Camat Kalipuro, Astori nyampekaken kadhung tradhisi iku uwis dilakoni masarakat nelayan Bulusan pirang-pirang taun kepungkur. Tradhisi tinggalane sembah buyute iku tetep dianakaken masiya lingkungan panggonane acara uwis uwah sing kaya 10 taun kepungkur. "Mulane Sun wekas ning para enom-enoman supaya gelem milu nguri-uri tradhisi tinggalane sembah buyute. Makene terus enget kadhung awake didulang teka asile ngelaut," abane mantan Protokol ruwahe Bupati Samsul Hadi iku.
"Kadhung ditulih panggonane acara kaya kurang pas. Bengen magih durung ana pager tembok, pesisire katon wera. Saiki meripit-meripit gedigi. Dadi kegiyatan iki mung klipak-klipek ring pesisir hang ciyut iki, Kang. Dadi pihak pemerintah sing bisa promosi lebih gencar merga panggonane sing madhahi. Taping Isun salut, Kang. Wong-wong Bulusan iku masiya melaku dhewek, tetep nyerunthul. Hang penting esensine nggadug Kang," abane Dewa Alit, Kabid Kebudayaan Disbudpar Banyuwangi, nalika dijaluki komentare ring panggonan acara ambi nguthek iwak bakar.

Tulisan/laporan: Kang Ujik

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor