Revitalisasi Basa Using BBJT Mangkat Dikawiti
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 28 Maret 2023 06:28 WIB)
- Laporan
Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) dina iki mangkat ngawiti proyek Revitalisasi basa Using kelawan ngelumpukaken narasumber ring acara hang disebut Diskusi Kelompok Terpumpun (DKT) ring Gedung Minakjinggo kantor Pemkab Jl. A. Yani.
Banyuwangi kepilih dadi salah siji basa dhaerah ring Jawa Timur hang arep dikuwataken lan dijejegaken sakliyane basa Medura ring Pulo Medura.
Seliyane para pejabat Dinas Pendidikan, Dinas Disbudpar, MGMP (Musyawarah Guru Mata Pelajaran), MKKS (Musyawarah Kerja Kepala Sekolah), KKG (Kelompok Kerja Guru) lan wong-wong teka Badan Bahasa Pusat.
Ana pisan pitung narasumber hang diundang ring DKT bedhug engko yaiku 1. Wiwin Indiarti (Nembang/Macaan Lontar) 2. Antariksawan (Baca-tulis Using) 3. Abdullah Fauzi (Cerpen Using) 4. Slamet Penyet (Ndongeng) 5. Nani Asiany (Pidhato basa Using) 6. Eko Budi Setianto (Puisi Using) 7. Ali Kenthus (Ngewer - Stand up komedi Using).
Uga ana enem komunitas yaiku Komunitas Using Pelestari Adat (KOPAT), Komunitas Lentera Sastra, Selapanan Sastra Muncar, Padepokan Gelar Tikar Genteng, Sengker Kuwung Belambangan lan PD AMAN Osing.
Proyeke iki dikawiti ambi diskusi, aju engko pitung narasumber iku kecaruk liwat Zoom ambi pakar hang bisa mulang nggawe modul bahan ajar.
Sakteruse ring ulan Mei, arep dianakaken pelatihan kanggo 60 guru (30 guru SD lan 30 guru SMP) hang marek iku guru-guru iki bisa nularaken ilmune nang guru liya lan murid-muride.
Engko lalare hang wis diajari iki bakale dipilokaken ring Festival Tunas Bahasa Ibu kanggo lalare nulis cerita cendhek, gurit (puisi), nembang, lan maca aksara dhaerah. Pemenange arep digawa bareng ambi pemenang teka Medura ring Surabaya.
Jare Kepala BBJT, Dr. Umi Kulsum, S.S, M. Hum sabene tepak merdhayoh nang Wakil Bupati Sugirah ngomong gok programe BBJT taun iki ana telu: 1. Literasi (kelebu Uji Kemahiran Berbahasa Indonesia) 2. Revitalisasi Bahasa Daerah 3. Internasionalisasi Bahasa Indonesia.
Dene program Revitalisasi bahasa Daerah ring Jawa Timur hang disasar yaiku basa Medura ring petang kabupaten (Bangkalan, Sampang, Pamekasan lan Sumenep) lan sijine maning Banyuwangi yaiku Basa Using.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







