Rombongan Arsitek Keliling Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 September 2022 06:38 WIB)
- Laporan
Banyuwangi wis kesuwur minangka jujugan kelenceran. Taping kelendi kadhung arsitekture? Sore salah siji bangunane, yaiku bandara Blimbingsari, ulih penghargaan Aga Khan Award 2022. Ketepakan ana 20 Dosen Teknis teka pirangane universitas melaku-melaku ring Banyuwangi.
Dosen teka ITS Surabaya, ITB lan Universitas TELKOM Bandung, UNUD Denpasar, UNDIP Semarang lan liya-liyane, taun iki nganakaken Caraka (perjalanan) ring Banyuwangi.
Hang dadi sasaran kunjung yaiku Pendhapa Sabha Swagata Blambangan, Taman Sritanjung, Taman Blambangan lan sakubenge kelabu uga Inggrisan, sasak Loh Kanten, Museum Blambangan, situs-situs ring Muncar, situs Kawitan Alas Purwo, Boom Marina, Umpak Sanga Muncar, Gandrung Tera Kota Jiwa Java Licin lan pungkasan ring Desa Wisata Budaya Kemiren.
Jare Pak Dwi, salah siji dosen ITS hang asal teka Surabaya lan wis manggon ring Kebalenan Banyuwangi telung taun iki gabungan dosen sak Indonesia iku ahli arsitek.
"Rombongan iki nganakaken caraka emeh saben taun. Taun kepungkur ning Medura. Taun iki gilirane Banyuwangi. Nyatane keliling Banyuwangi sing cukup mung sedina. Sakliyane panggonane wera, hang diparani wakeh. Iku durung kabeh," abane Dosen ITS, Dwi hang uwis telung tahun dadi warga Banyuwangi.
Museum Banyuwangi nyimpen barang-barang hang ditemokaken teka pirangane panggonan, tinggalane kerajaan jaman bengen. Serta rombongan ngamat-amati barang museum, kabeh mungel gawok lan kajon. Mergane tinggalane kerajaan Blambangan utamane hang ring Macan Putih uwis nduduhaken karya hang adiluhung, garapan hang teliti garis kerete katon miji-miji.
"Isun gawok. Jaman semono nana alat canggih. Isun yakin para nenek moyang iku golongane uwong-wong hang tekun, sabar, teliti lan temenanan. Dadi isun sak kancaan hang duwe disiplin ilmu arsitek iki anjerah kadhung gawok. Kadhung patung-patung terakota iku digawe ambi uwong saiki, nawi bain Isun mung bisa nyawang. Sing sampek gawok lan kajon. Merga saranane uwis lengkap. Nawi hang nggarap ya tau sekolah lan tau kuliyah. Dadi, yah....salut Blambangan. Selamat Banyuwangi, duwe warisan adiluhung," ujare Didit, dosen teka Universitas Telkom Bandung iku mungkasi gesah ambi blambangan.com.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Hani Z. Noor






