Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 17 Mei 2026 06:43 WIB)

(Roncean Cerita) Conthong, bag. 5 pungkas


Ditulis ring Kang Ujik

   “Ilang-ilangan, wis. Paran maning kanca-kanca hang ana ring penampungan, uwis berangkat tah kepelayon kaya Isun, sing ngarti wis. Eh, Rik. Isun ra sing ngarti yoh ambi bakale Yani hang melayu ambi sir-sirane ika, ya iku ya Rik…. Nalika Isun ziarah ring Sunan Bonang Tuban, eh…. Yani iku weruh, bakale bengen hang jare arane, Asman…. ngemis ambi hang wadon pisan ning pelawangane gang arep melebu ring area makam Sunan Bonang,” ceritane Munir ambi inceng-inceng memburi, nawi rabine njumbul teka buritan umahe Surik. Munir nyampekaken ning Surik, Yani kontan nganggo cadhar lan Munir ngongkon Yani supaya nyemplungaken picis ning katrol hang dideleh ring ngarepe silah. Rabine Asman uga disuweli picis ambi Yani. Jare Munir, sakat ditinggal melayu ambi Asman lan sir-sirane bengen, Yani magih duwe rasa bangkel. Kaya dhendham hang nana tambane. Naming serta ngeweruhi nasibe kaya gedigu iku, Yani aju ngelendheh. Ilang bangkele lan saya welas ning Munir. Kerana Munir dianggep uwong hang gelem nulung lan nambani lara atine kala semono, malah penguripane katon lebih-lebih.
      “Yaiku, Rik….serta weruh gedigu iku, Yani aju tilpun emak lan apake. Mertuwanisun yara Sun  pasangaken tilpun teka Telkom. Sun rungokaken iku, Yani cerita paran anane. Byek suwarane emake, ngelem-ngelem Isun, Rik. Yani sing ngarti kadhung Isun duwe sambungan tilpun rahasia kanggo ngerungokaken omongane anak nalikane tilpun. Kuwatir nawi duwe hubungan hang sing-sing. Surabaya iku kutha gedhi. Dadi Isun sengidan ngerungokaken teka tilpun pisan. Wih… ulihe ngenyek-ngenyek Asman entek ngamet, wis….paran maning ning calon besan wurung hang pungkas-pungkasane milu bangkel  ning keluwargane Yani. Aneh yoh…… Pantese ulih cocokan teka tangga liyane hang bisa ngewolak-walik omongan…….. Mertuwanisun  nirok-nirokaken omongane besan wurung: -Asman iku enak wis….dadi direktur perusahaan ring Tuban. Rabine megawe pisan…. Mulane kadhung kirim sing sukur-sukur….. sak juta….rong juta…. Pruuuuut…abane... Eh, sing weruha direktur pengemis.. Ya Alloh!” jare Munir ambi nirokaken omongane mertuwa wadone.
     “Ketang emak-apake Asman sing weruh, paran hang dilakoni Asman yoh….!”   
     “Menusa iki yara kaya wayang kulit. Kadhung magih temancep ring gedebog ya sing ulih main karepe dhewek. Kadhung dhalang wayahe mainaken ya kudu gelem dimainaken. Sing ulih mbantah. Engko wayahe dilebokaken pethi ya kudu paserah. Ikulah menusa. Wilayahe Pengeran aja di angkangi. Paran maning aju ngatur-ngatur uripe dhewek, sing nyendhekaken urip lan penguripane nong Pengeran. Dieculaken ambi Pengeran. Menusa bisa keleleran sampek awake gelem tobat. Pantese bain, Asman iku ya gedigu iku”.
    “Bener, Rik…..Isun enget conthong hang diterak angin ring bis kota aju dadi jalaran Isun bisa urip kaya saiki iki”.
    Gesah antarane kanca lawas iku, suwarane ngedheng-ngedhengaken, ngalon-alonaken lan uwis nana muyabe. Munir malah kerep serongoban. Munir nyendhekaken ring sendhenan kerosi ambi ngunjuraken sikile. Surik, mari nyedhod udude, matane ngiyep-ngiyepaken aju keturon. Yani lan Insi njumbul teka ruang tengah. Serta gadug selambu ngarep, uwong loro iku gemuyu ketheng merga nulih Munir lan Surik padha kesirepe.
“Eh, bisane turu ambi lungguh. Perasanisun kene mau magih gesah yah,” abane Yani ambi ngedhengaken suwarane.
“Alaaaak…..delengen, tah. Udude magih ring derijine yah. Iku kadhung cicir….kelendi iku!” jare Insi ambi nduding lakine hang sing weruh dheng dhengan. Udude mula pas ring ndhuwure udele. “Lakinira kadhung turu mula ngorok gedigu tah Yan?” poyoke Insi. Yani meringis meringis thok. Nana tengere uwong ngersula. Uwong loro iku uwis kaya dulur, merga lakine jare mula kumpul sakat cilik. Memengan bareng, ngajine kumpul. Mung sekolahe bain hang bida.   
“Eh, engko soren yara arep nyekar ring kuburane uwong tuwek-tuwek, yoh. Durung tuku kembang kirim ak yoh?” jare Insi ngengetaken.
“Kadhung gedigu, ayo nyang pasar. Lanang-lanangan geningena lomba ngorok sulung wis!” abane Yani.
   “Maning lare-lare ya uwis padha turu. Ayok wis nggawa sepidhah udhud bain,” ejak Insi.
   “Eh, nggawa montorisun bain wis…. Teka pasar nyempataken mampir ring umahe apak lan emakisun sulung, ring Penganjuran kana,” jare Yani.
   “Kadhung gedigu, ya ayok wis!” ajake Insi ambi njangkah metu bareng teka jero umahe aju melaku nyang panggonane montore Yani hang diparkir ring pinggir dalan Kali Lo.  
   Sakat munggah montor sampek gadug panggonane uwong adol kembang, Insi lan Yani sing mandheg-mandheg ulihe ngocros. Ana bain hang digesahaken.
   “Bengen iku kelendi ketemunrika ambi Kang Surik? Takone Yani ambi magih gemuyu merga mari nyeritakaken nasibe Asman ring Tuban.
    “Isun bengen iku, asale poyokan dibakal-bakalaken kok. Isun jare BKL Surik, Anipah ambi Madsairi, Madramu BKL Mudasih. Ya gedigu iku kadhung muyab. Ale bengen iku apus-apusan, sangking dienggo wadan-wadanan ika. Naming….. nalika iku Isun kecaruk Kang Surik iku  isin yah…. Semono uga Kang Surik, kecaruk Isun melayu…. gedigu yah….”
   “Magih buru-buru munggah lancing perawan ika yoh….. Kadhung uwis umur-umur limolas mendhuwur, ya….bida……. Nggoleti, serta ketemu, isin. Naming ya sing melayu….. Nganteni ditakoni... Ha,ha,ha…..Gedigu bengen yoh?” abane Yani ambi cekakakan ngguyu awake dhewek.
   “Yaiku….mari ketemu sing nyeja gedigu, gancang-gancang  mulih aju ngadeg ring ngarepe lemari kaca ambi meringis-meringis. Ati muni –kelendi ndane Isun kecaruk Kang Surik mau? Ha,ha,ha……! Yaiku….. serta Isun umur-umur nembelasan taun gedigu, Isun dikirim nyang pondhok pesantren”.
   “Pisah roh ambi Kang Surik?”
   “Iyok….. Naming nalika Isun sengidan-sengidan pamit lan njaluk donga, Kang Surik wekas, supaya Isun kudu bisa njaga ati. Ibarate uwong buru nandur winih, kudu bisa njaga lan ngerumat, aja sampek kepincut lare liya. Semono uga Isun, ya kudu bisa ngeraksa ati. Kadhung mula jodho, Insyaalloh mbisuk-mbisuke mesthi ketemu. Embuh kelendi carane. Sepuluh presiden paribasane nyegah, Isun lan Rika tetep bisa ketemu. Kala semono atinisun kaya kudu njerit ambi meluk Kang Surik. Gedigu…… Dadi Isun ya sing kathik mikir paran-paran, pokoke luru ilmu ring pondhok pesantren”.
   “Ketang Kang Surik iku mula pinter sakat magih SD bengen. Isun weruh Kang Surik iku sapa. Sekolahanisun iku dikenal ya merga Kang Surik iku kerep milu-milu lomba paran bain lan menang. Saben ana lomba Cerdas Cermat, Kang Surik iku hang dadi juru bicarane. Tau mimpin lomba patrol sak kabupaten. Ya menang. Sampek ana turis teka  ning sekolahan, nyuting patrol sekolahanisun. Hang nyanyi ya Kang Surik. Terus ketemune maning kelendi?”
Durung kongang semaur, montor uwis mandheg ring ngarepe uwong adol kembang. Yani lan Insi mudhun aju tuku kembang. Mari dilayani, uwong loro iku munggah maning ning montore.
“Iki engko mampir ning umahe apak-emakisun sulung yah, ning Penganjuran. Eh iyok…..Ketemune maning ambi Kang Surik kelendi?” abane Yani ambi nyetir montore.
“Gedigi…..Isun mula dideleh pondhok pesantren ambi apak, polahe apak kepingin duwe besan kyai. Eh ndilalah……. kurang setaun Isun lulus, apak ninggal. Dadi nalika boyong teka pondhok pesantren, Isun aju ngomong ning emak. Lha…. emak paserah paran jare Isun. Tambah-tambah Kang Surik nalika iku ya uwis megawe ring Pemda, masiya jare magih honorer. Alhamdulillaah, serta anakisun hang nomer telu lair, Kang Surik diangkat dadi PNS. Telung taun diangkat, bisa tuku umah ya hang saiki Sun panggoni iku. Bengen sing gedigu. Direhab edheng-edhengan,” cerita Insi.
    “Eh… ring ngarep iku kari akeh uwong. Ana paran endane?” abane Yani ambi ngurangi lakune montor hang disetir. “Maning ring pareke umahe Asman yah!”
   “Acake montore endhegena kene bain, Isun nak mudhun. Nyacak takon ning uwong hang melaku merene iku kok….. Hulung, Isun nak mudhun. Kadhung Rika cilike ra mula ring kampung Penganjuran kene. Kadhung ning Isun, uwong-wong iku ra sing kenal!”
   “Alak iyok, In. Hang melaku merene iku Bik Karomah. Isun nak cadharan hulung,” jare Yani ambi nutupi raine nganggo cadhar.
   “Bik, milu takon. Kari akeh uwong ika mari ana paran, Bik?”
   “Anu, mari ana uwong tukar-padu. Elok-lokan,” saure Bik Karomah.
   “Sapa tah, Bik hang tukaran iku?”
    “Mbok Samaniyatun, emake Asman hang jare direktur perusahaan ring Tuban ika yah. Naming jare ana hang weruh, Asman lan rabine iku megawene ngemis ring pelawangan makame Sunan Bonang. Dadi, Mbok Samaniyatun lara ati, muntab aju nyelathoni Sukarmini hang ulih rong dina iki teka ziaroh wali. Sukarmini sing weruh jawane gok dicelathoni. Ya sing terima, Mbok Samaniyatun diuleng-uleng. Iku mau aju digawa nyang bale desa. Embuh kelendi pungkasane, Isun sing weruh. Sun tinggal sulung ya Beng!” abane Bik Karomah ambi ninggalaken Insi.     
   Kerana uwis ulih cerita,  Insi balik melebu montore Yani. Montor aju melaku edheng-edheng ngeliwati uwong-wong hang magih gerombol-gerombol iku. Serta uwis gadug umahe Insi, suwara adan teka coronge langgar lan masjid wis padha muni. Surik lan Munir wis arep melaku nyang langgar.
   “Rika cepak-cepaka sulung wis. Jamaah Asar ring kene bain. Mari asharan, bareng-bareng nyang kuburan!” jare Munir  ngomong ning Yani lan insi.
   “Iya wis, lare-lare Sun gugah sulung,” semaure Yani. Munir lan Surik manthuk thok ambi  njangkah ninggalaken umahe Surik.
   “In, Isun engko mari nyekar aju pamit. Engko bengi nginep ring umah Penganjuran. Sampek saiki iki, emak lan apakisun durung ngarti kadhung Isun sak keluwarga teka. Isun paran jare Kang Munir. Iyane iku nganggep Kang Surik dadi gantine apake. Mulane njujug merene lan mula duwe niyat nyekar makame mertuwa. Kadhung gedigu ayok wis gancang nggugahi lare-lare aju sembayang jamaah ring umahrika kene bain!” ajake Yani.
   “Iya wis, ayok gancang!” semaure Insi.
Suwarane puji-pujian ring langgar uwis mandheg, aju disambung suwarane uwong komat saur manuk. Sangking akehe langgar ring Kampung Kerantigan. Mega putih kaya gulungan kapas, ndelemok-ndelemok ring langit biru. Gemberojoge banyu Kali Lo karine belabur nubengi magih anter suwarane.
   Surik lan Insi ngawal Munir sak keluwargane melaku nyekar ring pekuburan 
 
 
 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor