Rumah Kreatif Ngelatih Dodolan Kelawan Cara Digital
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Januari 2023 04:57 WIB)
- Laporan
Paran iku dodolan digital (digital marketing)? Yaiku cara dodolan jaman saiki ning media sosial. Rumah Kreatif Banyuwangi muruki dodolan digital nang puluhan Kelompok Pengolah dan Pemasar Ikan (Poklahsar) Kabupaten Banyuwangi. Pelatihan hang digelar suwine telung dina (25-27/1) ring New Surya Hotel, Jajag, Kecamatan Gambiran iku uga ditekani Sekretaris Dirjen Penguatan Daya Saing Produk Kelautan dan Perikanan (PDSPKP), Kepala Dinas Perikanan Kabupaten Banyuwangi lan teka badan dunia Food and Agriculture Organization (FAO).
Salah siji stap Rumah Kreatif Banyuwangi Mohamad Soleh Kurniawan ngomong gok dodolan kelawan cara digital saiki iki seru pentinge kanggo saben pelaku usaha, kelebu nong njerone yaiku pelaku usaha mikro. Paran maning ndeleng merujuke bisnis saiki lan ajeg mekare teknologi inpormasi.
"Sedinaan njampleng wong hang milu pelatihan disangoni pirangane materi kayata seterategi kanggo ngembangaken dodolan kelawan cara njero kawat (online), desain bungkus, motrek barang nganggo hape, sampek ning teknik nulis promosi ring media sosial (copy writing)," jare Soleh.
Tepak pelatihan, wong-wong hang milu padha gayab miloni materine utamane aplikasi teknik motrek produk nganggo hape lan teknik nulis keterangan promosi langsung liwat sosial media.
Dene Kepala Dinas Koperasi Usaha Mikro dan Perdagangan, Hj. RR. Nanin Oktaviantie, Pemkab Banyuwangi nduweni kekarepan makene pelaku usaha lokal bisa duwe daya saing. Umpamane aturan-aturan hang wis dietokaken kayata program perei mbayar ongkos kirim sak nusantara, pelatihan kanggo merujukaken semangat wira usaha ring masarakat desa/kelurahan, belanja ring tanggal cantik, sampek ring program Teman Usaha Rakyat (TUR).
"Program pungkasan iki yaiku ngancani wong hang usaha kelawan ajeg lan parek supaya usahane masarakat bisa tetep urip," jare Nanin.
Salah siji peserta pelatihan, Diah, teka Poklahsar Pawonkoe ngakoni gok iyane akeh ulih ilmu anyar bab dodolan digital, utamane motrek produk nganggo hape mauka.
Rumah Kreatif Banyuwangi iki minangka wadhah hang disiyapaken Pemerintah Kabupaten Banyuwangi liwat Dinas Koperasi Usaha Mikro dan Perdagangan kanggo panggonan konsultasi pelaku UMKM. Kabeh layanan dielungaken nang masarakat kelawan gratis aliyas sing kathik mbayar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Hani Z. Noor






