Sakkelerepan Sejarah ring Harjaba 251

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 19 Desember 2022 06:44 WIB)
- Laporan



Isuk-isuk dina Minggu sore ring pelatarane Pemkab Banyuwangi akeh wong nganggo kelambi adat padha baris dhirik rapi ngelakoni upacara mengeti dina dadine Banyuwangi kang kejuluk ambi aran Harjaba utawa Hari Jadi Banyuwangi kang kaping 251. Mula dina iku tepak tanggal 18 Desember 2022 mangkane pemerintah kabupaten Banyuwangi nganakaken upacara kanggo mengeti Perang Puputan Bayu kang dipimpin Pangeran Rempeg utawa Pangeran Jogopati ngelawan VOC Landa kompeni. Diarani Perang Puputan Bayu merga perange entek-entekan sing mung entek bandha taping uga nyawa kanggo mbela bumi Belambangan.

Sakdurunge upacara dikawiti, Bambang Lukito lan Punjulismu budayawan Banyuwangi maca sejarah laire dina dadine Banyuwangi. Kerana taun iki dina dadine Banyuwangi kang kaping 251 berarti kedadeyane perang kang ana ring taun 1771. Saktemene serta VOC nancepaken kuwasane ring Blambangan, Pangeran Rempeg aju mindhahaken pusat perjuwangane ring Lateng Rogojampi nyang Bayu. Weruh pindhah ring Bayu, VOC magih bain nguber lan nguwasai dhaerah kidul Bayu yaiku Temuguruh lan Gendoh. VOC paham kadhung Temuguruh lan Gendoh iku lumbung pangane Bayu. Naming masarakat kana sing kentekan akal. Wong-wong padha nuju Bayu ambi ngerubuhaken wit-witan makene hing gampang diliwati. Paran maning ketekan udan. Dalane tambah sing keneng ditembus. Merga dalane angel sing keneng diliwati ahire VOC balik nyang pusat kekuwasaane yaiku nong Loh Pangpang.

Tanggal 14 Desember 1771 VOC ambi senjatane lengkap lan modheren kaya senapan lan meriem teka nyerang Bayu liwat lor. Malah ngedegaken kemah-kemah ring Tegal Perangan pisan. Bengine VOC ngunekaken senjatane kang rupa meriem iku kanggo meden-medeni masarakat sakubengane. Weruh kelakuane VOC kaya gedigu malah nggarai masarakat Bayu tambah semangat mbela tanah kelairane.

Tanggal 15 Desember 1771 Rempeg bareng ambi Kyai Larat, Bapa Enduh lan perajurit andhalane nganakaken konsolidasi pasukan kang ana ring Lemahbang Dewo, Bedewang lan sekitare nyusun setrategi ngepung panggonan VOC lan balane. Tepak tanggal 18 Desember 1771, prajurit Belambangan mara-mara nyerang lan sing disangka-sangka. Ambi jerit- jerit, nganggaraken pedhang, keris, tombak, lan ngelesat-lesataken panah, pejuwang Belambangan bisa menangaken perang. Kapten Reygers lan Sersan Mayor van Schaar mati. Kornet Tinne disunduk tombake Ki Utun, Dhemang Bedewang. Ostrousky tatu nemen merga diuber Ki Endeh, Dhemang Lemahbang. Taping Pangeran Jagapati uga tatu pisan kang ahire nyebabaken iyane gugur. Sakteruse Pangeran Rempeg utawa Pangeran Jogopati diganti ambi Jagalara lan Sayu Wiwit.

Masiya gedigu, perang sing mari-mari sampek tanggal 11 Oktober 1772. Malah ring perang Bayu iki VOC sampek ngerahaken sekitar 10.000 perajurite. Meh sak pulo Jawa ditekakaken. Ana garnisun Batavia (Jakarta), Semarang, Yogyakarta, Surakarta, Surabaya, Medura, lan dhaerah-dhaerah pesisir lor pulo Jawa lan wetan. Ring perang Bayu iki VOC ngentekaken bandha hang kira-kira padha ambi wolung ton emas. Sedheng rakyat Belambangan kang gugur sekitar 60.000 wong lan liyane padha ilang, nyingkrih melebu alas.

Ring upacara Harjaba isuk iku uga dianakaken penghormatan nyang Panji Lambang Dhaerah Kabupaten Banyuwangi lan nyerahaken penghargaan nyang antarane: Juwara 1 Smart Kampung Taun 2022. Kang menang lomba iki yaiku Desa Genteng Kulon. Aju diweni pisan penghargaan kanggo desa lunas PBB yaiku: Juara 1 Desa Bimorejo Kecamatan Wongsorejo, disusul Desa Purwoasri Tegaldlimo, lan Kampung Melayu Banyuwangi.  Upacara Harjaba ditutup bupati ambi ngedum sega tumpeng nyang para sesepuh undangan kang hadir. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf