Sanggar Sayuwiwit Aliyan Mbebet Lomba Tari Kreasi Banyuwangi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 24 Mei 2022 09:02 WIB)
- Laporan
Jajag Kecamatan Gambiran kedhapuk maning dadi panggonan kegiyatan seni ana ring Banyuwangi. Hotel Baru Indah Jajag iki kepilih dadi panggonan Lomba Tari Kreasi antar Sanggar hang ana ring Banyuwangi sakwise dadi panggonan Mengeti Dina Dadine Musik Se-dunia hang manggon ana ring Gesora Jajag tanggal 14 ulan Mei 2022 kepungkur.
Dina Sabtu malem Ahad, 21 Mei 2022 saknalika Aula Hotel Baru Indah Jajag dadi rame ditekani penari-penari Banyuwangi hang nggawa bendera sanggare dhewek-dhewek milu lomba ring rong kategori yaiku Kategori Tari Kreasi Tingkat SD lan Kategori Tari Kreasi Tingkat SMP.
Lomba Tari Kreasi Banyuwangi iki rame-rame disokong ambi sanggar-sanggar hang ana ring Banyuwangi antarane bain, Gandrung Arum Cluring, Dita Muar Kalibaru, Mekar Arum Glenmore, Sekar Wangi Genteng, Duta Budaya Tegalsari, Sekar Tanjung Gambiran, Mlati Rinonce Purwoharjo, Kromosono Budhoyo Bangorejo, Godo Blambangan Muncar, Larasati Siliragung, Sayu Wiwit Sempu, JEB Singojuruh, lan Sayu Wiwit Aliyan Rogojampi.
Hang nekani ana ring kegiyatan iki antarane uga Asisten Bupati Bidang Perekonomian dan pembangunan Drs. Dwi Yanto lan Kepala Dinas Pariwisata Banyuwangi M. Yanuarto Bramuda,S.Sos.,MBA., M.M, lan Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi yaiku Suratno S.Pd., M.Pd lan uga Ketua DKB Banyuwangi Drs. Hasan Basri M.Pdi.
Kegiyatan hang gediki iki kudu terus lan terus dianakaken lan didukung kabeh golongan kanggo nebar bibit-bibit kreasi tari Banyuwangi lan kanggo bibit-bibit penari Banyuwangi ring taun-taun mengarepe. Banyuwangi sing ulih pedhot teka trah kesenian lan getih senine, gediku kirane Drs. Hasan Basri nguweni keterangan nyang reporter belambangan.com.
Sanggar tari Sayu Wiwit Aliyan Rogojampi mbebet kejuwaraan ring dina iku. Rong kategori yaiku Tari Kreasi Tk SD ulih Juwara 1 lan Kategori Tari Kreasi Tk SMP ya ulih Juwara 1. Tari Cakup garapane Jajulaidi, S.Pd lan Tari Kembang Kemangi Garapane Gadis Yuda Octiani teka Sanggar Sayu Wiwit Rogojampi kepilih ring juri-juri dadi penganten juwara 1.
Juri-juri dina iku antarane bain, Gilang Ramadhan, Dewi Atmanegara, lan Julia hang teka ahli tari Banyuwangi hang saiki dadi guru ana ring SMKN 1 Banyuwangi.
Pengumuman pemenang saknalika ana ring panggonan acara sakmarine lomba. Kategori Lomba Tari Kreasi Tk. SD hang menang yaiku juwara 1. Tari Cakup teka Sanggar Tari Sayu Wiwit Aliyan, juwara 2. Tari Menjeng teka Sanggar Tari Gandrung Arum Cluring, juwara 3 Sekar Wangi Genteng, juwara Harapan 1 Mlati Rinonce Purwoharjo, juwara Harapan 2 Gandrung Arum Cluring, lan juwara Harapan 3 Kromosono Budoyo Bangorejo
Kategori Lomba tari kreasi Tk. SMP pemenange yaiku, SMP juwara 1 tari Kembang Kemangi teka Sanggar Sayu Wiwit Aliyan Rogojampi, 2 yaiku Sanggar Sayu Wiwit Sempu, juwara 3 teka Gandrung Arum Cluring, juwara Harapan 1 teka Sanggar Mekar Arum Glenmore, juwara Harapan 2 teka Sanggar Sekar Wangi Genteng, lan juwara Harapan 3 yaiku Godho Blambangan Mucar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf






