Sanja nyang Museum Blambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 05 Januari 2023 07:28 WIB)
- Laporan



Museum Belambangan hang manggon ana ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi akeh disanjani lare-lare PAUD, TK lan para Pelajar, Mahasiswa/siswi lan para turis negara manca. Telung ulan pungkas ring pucuk tahun 2022 hang kecathet sampek nggadug 2.584 pesanja. Saben-saben pesanja kudu nyumbang kanggo kas dhaerah. Pelajar/Mahasiswa kudu setor sak uwong Rp 2.500, umum Rp 5.000 lan turis negara manca Rp15.000. “Kabeh iku setore langsung online transfer ning Bagian Kas Daerah. Rata-rata pengunjung utawa pesanja iku weruhe teka medsos,” jare Bayu, Sarjana Arkeologi hang njaga Museum Belambangan iku. Sakliyane Bayu hang kerep nganggo aran Jingga Kelana iku, petugase uga direwangi para Mahasiswa/siswi hang PKL (Praktik Kerja Lapangan) ring Disbudpar Banyuwangi. Merga para Pesanja iku tekane sing dhewek-dhewek aliyas rombongan, ana hang nganggo bis, bis mini lan ana uga hang nganggo montor L-300. Bayu hang jebolan Udayana iku ngelayani lan njawab pitakonan pesanja ngenengi barang-barang kelebu cagar budaya hang dipajang.
   Para pesanja, sakmetune teka ruang pamer museum, aju melebu ring ruang Banjoewangi Tempo Doeloe  (BTD) hang dijaga Kang Munawir. Ring kamar BTD para pesanja bisa ndeleng potrek Banyuwangi jaman bengen. Buku-buku kuna uga dicepakaken kanggo Pesanja hang dhemen maca.
   “Lare-lare saiki akeh hang sing paham ambi potrek-potrek lawas tahun 1800-an iku. Ya mula kudu dijelasaken sejarahe, Kang. Perlune petugas yara mula kudu bisa ngeweni penjelasan ning pesanja. Mung bain, akeh-akehe pengunjung iku mung ndeleng potrek lawas. Jarang hang gelem nyandhak buku lawas,” abane Kang Munawir aju nerusaken ngelayani Pesanja.
   Setemene emeh kabeh hang ana ring lingkungan Disbudpar Banyuwangi iku kelebu barang cagar budaya. Kaya dene umpak utawa watu gong. Kesebut watu gong merga wujude kaya gong. Bengen, uwong-wong Banyuwangi kadhung nggawe pondhok utawa umah, saben bucu didelehi umpak hang digawe teka watu. Watu hang ring tengah-tengahe itu ana bendholane, dienggo pondhasine saka. Bendholane iku kanggo gandholane saka. Watu-watu gong iku dipasang ring pinggirane taman pager kidul.
   Ring tengah lingkungan Disbudpar ana pendhapa arane Pelinggihan Prabu Tawangalun. Bangunan iku tinggalane Kantor Wedana. Nalika jaman Orde Baru, arane Kantor Pembantu Bupati di Banyuwangi hang mayungi Kecamatan Giri, Glagah, Kalipuro, Wongsorejo lan Banyuwangi. Pelinggihan iku kelebu bangunan cagar budaya merga umure uwis ngelebihi 50 tahun. Ring Pelinggihan iku uga ana ruangan hang saiki uwis kepara dadi museum lan ruang Geopark hang dikomandani Abdillah, Mini Teater, ruang Bidang Ekraf lan ana Taman Geopark.
   Sakliyane ndeleng barang-barang kuna, pesanja uga bisa latihan tabuh-tabuh musik tradhisional Banyuwangi hang dikawal Musisi Eko Rastiko diterusaken sanja ring Umah Budaya.
   “Isun milu kaju nalika sanja ring Museum Belambangan. Merga akeh pelajaran sejarah hang bisa diangsu kanggo pengetahuane lare-lare,” abane Kepala Madrasah Aliyah Baiturrahman nalika sanja museum ambi nggawa murid-muride. Jare, sanja museum iku bagian teka program Merdeka Belajar. 

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor