Sapa Bain Juwara MSQ Banyuwangi?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 Januari 2023 07:03 WIB)
- Laporan
Musabaqoh Tilawatil Quran (MTQ) Cabang Musabaqoh Syarhil Quran (MSQ) hang kaping 30 tahun 2022, buru bisa dilaksanakaken dina Sabtu (7 Jan) kepungkur ring aula Kantor Kementrian Agama Kab.Banyuwangi.
"Cabang lomba iki diundur merga ulan Desember taun kepungkur hang dhaptar buru mung 6 grup. Dadi, panitiya kudu ngurag-urag sekolahan lan pondhok-pondhok pesantren supaya gelem ndhaptaraken murid utawa santrine. Alhamdulillah serta wektune diundur, hang dhaptar tambah dadi 17 grup,” abane Koordinator Dewan Hakim, KH. Achmad Siddiq, M.Ag hang dikenal kelawan julukan Gus Siddiq. Pengasuh Ponpes Al-Anwari Kertosari iku ngakoni, MSQ iku mula abot. Sak grup isi 3 murid utawa santri. Siji lare tugase maca ayat-ayat suci Quran kelawan kaidah qiroatilquran hang bener, siji lare tukang nerjemahaken nganggo puisisasi terjemah lan hang siji maning tugase men-syarah isi ayat-ayat Quran.
“Iku sing kabeh murid utawa santri mampu. Mulane kudu nggenteng ulihe ginau. Paran maning, engko hang dinyatakaken juwara siji bisa ngewakili Kab.Banyuwangi ring wilayah hang lebih dhuwur cabang musabaqoh hang padha,” jare Gus Siddiq hang sabendinane ngantor ring KUA Kec. Rogojampi iku.
Mula kadhung ditamat-tamataken, ana grup peserta hang mula uwis siyap satus persen, uga ana hang magih sukur-sukur milu, ana uga hang milu taping materine sing disetoraken ning panitiya. Kadhung ana peserta hang durung apal materi, tampile ambi nggawa teks, bijine dijuwut 5. Peserta hang tampil lan tanpa maca teks taping sing nyetoraken teks, bijine disuda 3.
“Lha….kadhung ana peserta hang diceluk koncar-kancir sampek ping telu sing munggah-munggah ring panggung, tampile dideleh nalikane kabeh peserta uwis tampil. Taping bijine dipethot 10. Kerana iku ana hubungane ambi adab,” jare Gus Siddiq hang uga kerep diundang ceramah ambi masarakat iku.
Serta uwis ditampilaken kabeh, Dewan Juri hang tugas KH. Achmad Siddiq, M.Ag mbiji masalah pensyarahan ayat-ayat suci Quran, A. Fauzan mbiji masalah wacanan ayat-ayat suci Al-qur’an lan Abdullah Fauzi bidhang performa, ngasilaken para pemenang yaiku: Golongane Wadon juara 1 teka Madrasah Aliyah (MA) Al Amriyah ngumpulaken biji 94. Juwara 2 teka MA Nurul Khiroh kelawan biji 82, urutan 3 MA Unggulan Mambaul Huda kelawan biji 81. Juara Unggulan 1 lan 2 keneng wakil teka Ponpes Ma’hadulqur’an Abinaya Ilmi hang ulih biji 76 lan Yayasan Al Uswah kelawan biji 74.
Sedheng golongane lanang juwara 1 dimenangaken ambi MAN 4 Banyuwangi kelawan ngelumpukaken biji 88. Juwara 2 SMP Plus Cordova ulih biji 88 merga kalah rong seterip ambi hang juara 1 ring masalah pensyarahan. Juwara 3 MA Unggulan Al Anwari kelawan biji 81, juwara unggulan 1 lan 2 wakil teka Wongsorejo lan golongane Muhammad Sakti Raharjo.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







