SD Kampung Melayu Ajar Mbathik Gajah Uling

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 27 Oktober 2022 08:30 WIB)
- Laporan



Lare saiki sing kenal ambi arane SD Sumber Bening, sekolahan hang  ana ring kulone pecake Bank BNI ika. Weruhe SDN Kampung Melayu.  Tahun 1957 sekolahan iku wis ana. Artine ngadege ya sedurunge tahun1957. "Isun uwis ngeleles sejarahe sekolahan iki. Ning Dinas Pendidikan nana datane. Ning Kantor Lurah uga nana datane. Sakat tahun pira arane ganti teka SD Sumber Bening dadi SDN Kampung Melayu uga nana hang ngerti. Dadi, paran maning guru-guru hang enom-enom kaya Isun gedigi ngertiya," abane salah sijine Guru, Wahyudi, nalika ditakoni bab anane SDN Kampung Melayu iku.
   SDN Kampung  Melayu tahun iki dienggo nginepe peserta Gandrung Sewu teka Kec. Kalipuro, Giri lan Tim fragmen. Sak liyane dienggo nginep uga dienggo panggonane dandan.
   Kadhung dipipili kegiyatane muride, sakat setahun kepungkur sampek seperene, murid hang kelas papat, lima lan enem uga diajari  carane mbathik.
"Syukur Alhamdulillah, lare-lare uwis bisa ngasilaken karya bathik Gajah Uling. Mula gurune kudu omes ulihe ngewarahi, nunggoni lan nguweni conto. Nyatane lare-lare ya bisa ngasilaken. Iku keneng  dienggo sangu tuwek. Eh, nawi sing nemu  pegaweyan kantoran, ngedegaken home industry bathik yara apik!" Abane Nursyamsi hang dadi Kepala Sekolah ring SDN Kampung Melayu iku.
   Masiya jare panggonane ring pinggir lurung kulone PLN Banyuwangi taping rasane kaya supek. Merga tanah panggonane ngadege bangunan sing pati wera. Mulane gedhunge digawe sungsun loro. Bengen magih aran Sumber Bening, dadi sekolahan hang diwedeni sekolahan liya, kadhung ana lomba kasti, poli lan olahraga liyane. Polahe muride gedhi-gedhi lan umure kethak-kethak.
"Balik maning ring masalah bathik, Alhamdulillah lare-lare uwis bisa nggawe rolas motip," abane Nursyamsi mungkasi gesah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor