Seblang Bakungan dibaleni Sampek Ambal Pindho

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 20 Juli 2022 06:37 WIB)
- Laporan



Dina iku Selasa 19 Juli 2022 Sanggar Seni hang ana ring Kelurahan Bakungan Banyuwangi rame maning. Alihe buru bain ana ring dina Ahad dianakaken seblang iku. Wis kaya saban taune seblang pancen dianakaken ana ring kana angger melebu ulan Haji setaun sepisan.

Mbah Supani buru bain mulih nyang umahae dhewek ring Kelurahan Sobo. Durung ilang kesele merga mari ngelakoni seblang rong dina kepungkur. Isuk iku iyane kerawuhan maning.

Dina Selasa iku iyane mangkat belanja nyang welijoaan mara-mara iyane ndadi kerawuhan danyang hang ana ring Bakungan. Saknalika Pak RT Sobo nelepun nyang kerawat Kelurahan Bakungan kadhung Mbah Supani ndadi maning lan kepingin dianakaken maning seblang hang wis dilakoni ana ring dina Ahad kepungkur. Sakteruse Mbah Supani diboyong maning nyang Bakungan.

Salah sijine kerawat Kelurahan Bakungan hang aran Sumariyadi nerangaken pancene kadhung ana syarat hang durung dilakoni ana ring dina Ahad iku, yaiku gendhing Surung Dhayung lang gendhing Gongso durung digawa. Embuh kerana paran gendhing iku kelalen. Mula iku leluhur hang melebu nyang Mbah Supani njaluk nyang panitia Seblang Bakungan nganakaken maning ritual adat seblang hang wis dilakoni iku.

Masarakat Kelurahan Bakungan pungkasane nyepakaken maning ubo rampe kayadene ritual adat biyasane jangkep kayadene penjaluke Mbah Supani hang wis ndadi Seblang.

Alimi salah sijine staf hang ana ring Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Banyuwangi uga nekani ritual adat seblang ring dina iku bareng ambi karyawan Disbudpar liyane.

“Ya kelendi maning, gediki penjaluke ya dituruti bain,’ gedku Alimi nerangaken nyang reporter belambangan.com nalika ditakoni kok seblange dikawiti maning masiya buru bain dianakaken ring dina Ahad kepungkur.

Mbah Supani hang wis koncar-kancir dadi pelaku ritual adat seblang Bakungan iki aju dipacaki maning lan ngelakoni ritual maning ana ring Sanggar Seni Bakungan disakseni kerawat kelurahan uga para staf Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi lan masarakat adat Bakungan.

Saknalika mari bedhug Lohor masarakat wis kumpul lan tabuhan gedhe diunekaken maning. Kabeh gending penjaluke seblang aju dituruti antarane bain Lemar-lemir, Seblang-seblang, Surung Dhayung, Gongso lan liyan-liyane.

Mbah Supani uga katon njuget ambi merem matae merga iyane wis kejiman sakat wayah isuk ana ring Sobo. Wong-wong hang ketundik uga aju kumpul ana ring ngarepe papan panggonan hang dienggo lungguh. Keris, janur, menyan, killing, palesan lan ubo rampe liyane wis semandhing.

Fikri salah sijine penonton hang ana ring kana duwe kekarep kadhung sakmarine ritual iki wis sing ana penjalukane maning.Mergane sithik akeh iki ya wis gawe repote masarakat Bakungan lan sakubengane. Buru ana ring taun iki saklawase ana Seblang ritual sampek dibaleni ping pindho. Muga-muga sing ana maning kedadeyan hang gediki iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Desa

Editor: Nur Holipah