Seniman Nggendhong Indhit Nggelar Pentas Mengeti Hari Tari Sakdonya
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 30 April 2022 13:05 WIB)
- Laporan
Seniman Banyuwangi nduduhaken welase ring tari kelawan nggelar iwuh pentas seni tari kanggo mengeti Hari Tari Sedunia tanggal 29 April sore ring RTH Singojuruh.
Iwuh pentas seni iku digendhong indhit ambi seniman-seniman dhewek hang melibeng golet dana lan nyangga bareng-bareng. Ana 33 sanggar tari hang milu nyumbangaken tari, penari lan panjake.
Sokongan teka pemerintah ana, kaya Dinas Pariwisata mbantu kebutuhan tampilan kaya sound sistem lan liyane. Kecamatan uga nguweni pasilitas hang luar biyasah, jare Adlin.
Taping hing ngurangi semangate panitiane. "Para seniman iki wis rada bisa ngundha ambegan merga wis bisa maning nggelar pentas seni," jare ketua panitiane Adlin Mustika hang ubret ngalor ngidul ambi kang Syamsul Kemiren.
Jare Adlin iwuh iki ya kanggo nguweni apresiasi seniman tari hang wis nggawe karya lan ngewakaken separuh uripe kanggo nguripi seni.
"Wong Banyuwangi hususe seru dhemene dikongkon nggawe acara seni, mesthi girang lan antusiase luar biyasah," tambah Adlin. Paran maning iwuhe iki digelar ring desa hang wis biyasah dhemen ring kesenian
Merga ana pageblug, Hari Tari Sedunia hing bisa dianakaken rong taun iki. Dadi wis rada ana kelonggaran teka pemerintah kanggo nggelar tari iki bain seniman wis padha girang merga magih bisa terus nggawe karya.
"Kabeh kadhung dijunjung bareng pasti asile apik. Pengalaman hang berharga, pengalaman hang nguweni tantangan hang luar biyasah," jare Adlin.
Jare Adlin karya-karya hang digelar uga nguweni kesan kanggo penikmat lan penonton.
Masiya tawis hing kabeh wong desa ring Singojuruh ngerti ring tontonan kaya iku. Pokok dideleng apik lan rame mesthi dhemen. "Naming sithik-sithik mesthi masarakat weruh gok tari iku hasil karya kreatipitas hang seru luar biyasahe," jare Adlin.
Hang dikarepaken mengarepe kegiyatan iki diwani dalan ring pemerintah nguripi iwuh iki.
"Muga bain kegiyatan Iki dadi tolak ukur seniman tari hang bisa ngewani nuansa hang anyar kanggo hasanah seni tari Banyuwangi. Lan Pemerintah nguweni dalan kanggo nguripi acara hang seru spektakuler Iki."
Jare Adlin donya tari hing mung sakderma disuguhaken nong ngarepe pejabat tapi uga nguweni pitutur kanggo awak dhewek ring donya. "Wong urip iku kudu urip lan nguripi."
Sakliyane teka tampilan sanggar hang ana ring Banyuwangi, ana pisan sanggar-sanggar liya teka Surabaya, Malang, Jember, Pasuruan.
Taping ana pitakonan teka salah siji pengamat, endane hing bisa diundur mareke lebaran makene hing akeh lalare hang puwasane mothel?
Poto: Singojuruh Bagus
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







