Sinau Sejarah ring BEC
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 11 Desember 2022 06:18 WIB)
- Laporan
Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) dina Sabtu sore (10/12) nduduhaken maneka kelire dulur hang urip lan milu mbangun Banyuwangi, yaiku dulur etnis Cina, Arab, Mandar, Bali, Jawa, Medura lan Using.
"Sak liyane dadi panggonan kanggo kreatipitas para generasi enom-noman, BEC uga dadi panggonan sinau sejarah.
Kelendi sejarahe para etnis bisa urip lan milu mbangun Banyuwangi," abane Bupati Ipuk Festiandani hang nalika iku direwangi lakine, Azwar Anas, hang saiki uwis dadi Mentri PAN-ARB.
Ana uga dulur-dulur hang teka Gintangan Bambu Carnival hang nduduhaken garapan teka nam-naman kerajinan jajang.
Masarakat Desa Gintangan Kecamatan Blimbingsari saben dinane akeh-akehe megawe ring pusat industri kerajinan nam-naman jajang. Mulane hang templek-templekaken ring desain hang dienggo arupa irig, nyiru, piring semat lan liya-liyane.
Sakliyane teka lare-lare Banyuwangi, ana uga barisan teka Kutai Kalimantan Timur. Kabeh peserta iku melaku teka ngarepe kantor PT. POS Indonesia ngaloraken aju biluk ning pasar Banyuwangi. Gadug kidule Masjid Agung Baiturrahman peserta biluk ngiwa sampek pungkas ring ngarepe Kantor Bupati Banyuwangi. Adohe kira-kira sampek nggadug rong kilometeran.
Sakliyane peserta hang dadi perhatiane uwong akeh, ana uga hang kudu dadi perhatian yaiku dhirike uwong dodolan sedawane dalan hang diliwati peserta BEC. Kahanan iki uga hang didhemeni ambi pemerintah, merga anane pestipal pariwisata iki netes pisan untunge kanggo wong-wong cilik hang mbukak dhasar ring dalan-dalan.
"Byek, hang aran uwong dodolan sakat ring ubenge Belambangan sampek nggadug ring sakubenge finis. Iku nduduhaken kadhung kegiyatan paran bain indikasi keberhasilane salah sijine yaiku akehe jumlah picis hang muter sedina sedurunge acara, pas dinane acara lan sedina sak uwise acara," abane Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) M.Y. Bramuda ambi nduduhaken girange atine.
Acara BEC iku mau ditekani dhayoh teka jabane Banyuwangi. Ana hang teka Kabupaten Kediri, Badung, Surabaya lan akeh maning liyane.
Masarakat Banyuwangi tumplek bleg ring kutha. Masiya tah wis sakmesthine pagelaran BEC iku bisa uga dideleng liwat livestreaming.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







