SKB Nggawe Lomba Ngelir Tingkat SD sak Kabupaten Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Maret 2023 08:17 WIB)
- Laporan



Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nganakaken Lomba Ngelir tingkat SD sak Kabupaten Banyuwangi engko ring ulan Mei.
   Lombane iki ana rong tingkat. Hang kepisan karyane lalare iku dibiji juri saben-saben kecamatan sampek ana pemenange. Aju pemenang saben kecamatan, dadi ana 25 karya, iki mau diedu maning sak kabupaten.
   Dadi lalare nggambar ping pindho? "Using. Lalare nggambar sepisan bareng-bareng saben kecamatan ring panggonan hang wis ditamtoaken. Marek nggambar, aju dikelumpukaken nang panitiya. Aju panitiyane hang ngirim kabeh karya sak kecamatan iku nang dewan juri," jare Kang Taufik Saleh, salah siji jurine. Kang Taufik iki hang akeh nggawe samak buku hang diterbitaken SKB. Juri liyane yaiku tukang nggambar (ilustrator) buku Omprok lan Sampur, Wega Averina lan Moh. Syaiful guru Seni Rupa ring SMPN 1 Banyuwangi.
   Karya hang menang iki engko dibiji maning ambi juri telu iku lan ditambah ketua Dewan Juri yaiku pelukis S.Yadi K.
   Lombane engko dianakaken bareng-bareng tanggal 4 Mei lan diumumaken pemenange tanggal 25 Mei.
   Hang dikeliri iku lembar gambar hang ana ring halaman pungkasan buku Omprok lan Sampur. Dadi kabeh peserta lomba wajib nduweni bukune.
   Buku iki setemene buku cerita lalare dienggo nyugihi wacanan kanggo lare SD hang sinau basa Using. Makene didhemeni lalare SD, ceritane ana gambare lan digawe cemeng putih makene bisa dikeliri dhewek ring lalare hang maca.
   Lomba ngelir? Kaya lare TK bain. "Using," jare Kang Taufik hang kerep diceluk Pak Cik iki.
   "Ngelir iku jenis keterampilan dhewek. Durung karuwan lare SMP ngeliri lebih apik timbang lare SD."
   Sakliyane piyagam, lalare pemenang yaiku Terbaik 1, 2, 3, Harapan 1, 2, 3 ulih pisan hadhiyah picis lan pelakat piyala.
   Dene bukune, jare Kang Hasan Basri, Ketua Dewan Kesenian Blambangan, "Isun percaya buku iki didhemeni lare-lare. Polae lare-lare sambi ngelir gambar, bisa nemu cerita hang apik. Cerita lare wadon hang kepingin seru milu njuged ring Gandrung Sewu."
   Ring Ater-Ater bukune, Kang Hasan uga nulis: "Hing iku bain, buku iki magih kober ngguthit sithik sejarahe gandrung sakat jaman Welanda. Dadi, jare wong bngen, buku iki nyepak nyandhung. Numbak cucukan."
   Mula seliyane dikarepaken dadi wacanan hang nyugihi donya literasi lare SD hang sinau mulok basa Using, bukune ngemu sejarah gandrung hang wis dadi agul-agule Banyuwangi. Lalare uga bisa paham siji-siji aran penganggo gandrung hang dipotrek ring Sanggar Sayu Wiwit Aliyan pimpinane Kang Jajulaidi, taping uga ngerti kelendi ombak umbul uripe kesenian gandrung teka jaman Landa seperene. Halaman hang nduduhaken penganggone gandrung iki siji-sijine halaman hang nganggo kelir.
   "Muga-muga, buku iki manpaate akeh kanggo lare-lare lan basa Using bisa saya apik ring dina mburine," tulis Kang Hasan Basri.

Buku Omprok lan Sampur bisa digoleti ring Toko Buku Timur Bersaudara, elore Perliman.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf