Tamba Herbal Wong Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 01 Februari 2024 07:19 WIB)
- Laporan
Sedurunge ana obat-obatan kimia akeh ditemokaken kaya saiki, wong bengen, kelebu wong Using, manpaataken wit-wit lan tanduran hang ana ring sak ubengane kanggo tamba hang saiki disebut herbal.
Kang Usik, pegiyat adat Using ring dukuh Talunjeruk, Glagah, magih niteni wit-witan paran kang bisa dienggo tamba penyakit paran.
1. Terong Ngor cilik. Wong Using uga ana hang ngarani terong alas utawa terong gunung lan terong landa.
Wong liya nyebute tokak utawa tekokak. Terong cilik iki, jare Kang Usik, bisa dienggo tamba wong keneng struk utawa mati separo. Keneng uga dienggo penyakit lambung, tekanan darah tinggi, lara boyok, geringgingen lan wong hang hing bisa turu.
Carane mung sukur dikukus utawa digawe jangan, taping hang lebih apik dijangan bening campur kelor.
2. Tebu, seliyane digawe gula batu, tebu dibakar paedahe kanggo jamune wong watuk lan wong keneng kencing manis. Mangka tebu iki manis mesthine kudu disiriki wong keneng kencing manis.
Wit tebu kanggo uba rampene wong ring lamarane penganten Adat cara Using. Tebu uga dienggo saka bendhera utawa umbul-umbul kapan ana wong nggawe umah wis wayahe munggah kayune.
3. Jajang tali. Ebunge diparut, diperes, dijuwut banyune dienggo jamune wong kencing batu.
4. Pare Gunung, kaya wit pare taping godhonge cilik-cilik, keneng dienggo tamba wong kencing manis.
5. Gandarosa keneng dienggo tambane wong keneng penyakit HIV/Aids.
6. Legundi, hang keneng dienggo tamba watuk, ampeg (sesek napas), pilek, ngelu endhas, peluntur gorokan hang akeh riyake merga keseron ududan.
Durung maning, hang aran wit-witan hang dienggo ragi kaya sere, laos, kunir, godhong salam, lan liyane, kabeh duwe hasiyat dhewek-dhewek.
Ana pisan hang wis diolah, kaya woh maja hang dipermentasi. Hasiyate kadhung wong darah tinggi bisa mudhun tekanan darahe. Kadhung darah rendah bisa dadi normal. Kadhung lara lambung, nggaweya kopi bubukan, pemanise nganggo sari woh maja iki. Kadhung tatu kari diolesaken bain. Lara mata ditetesi sithik.
Tau tepak ana lare cilik tanggane lara gomen, ditanggo diolesi sari maja mau nangis, cumpu hing perih nong gusine.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


