Tap-Tap Wulu Ngadhepi BEC 2022
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 November 2022 07:10 WIB)
- Laporan
Kadhung gesah masalah seni lan budhaya Banyuwangi mula nana asat-asate. Ibarate lare melayu, diuber saya keciran. Kajon-kajonan ngenengi masalah Gandrung Sewu 2022 durung sampek mandheg, iki arep ana Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) engko tanggal 10 Desember 2022 hang punjere ana ring lorong jajang ngarepe Gelanggang Seni Budaya (GESIBU) Belambangan lan pungkas jujuge ana ring ngarepe Kantor Bupati Banyuwangi. Pesertane ana 75 lare.
“Iku wis kelebu BEC Kid. Jumlah peserta semono iku kebagi dadi 7 subtema yaiku Etnik Arab, China, Medura, Jawa, Bali, Mandar lan Using. Peserta hang saiki iki ulihe tambel sulam. Maksude gedigi, bengen sedurunge ana pageblug tahun 2019 panitiya wis nyeleksi peserta.
"Lha….tahun 2022 iki ana hang mundur merga akeh hang kuliyah ring jabane Banyuwangi. Kanggo nyukupi jumlah 75 iku, panitiya njaring peserta maning,“ abane Maestro Seni Tari Banyuwangi, Subari Sofyan nalika ditemoni belambangan.com ring acara temu teknik peserta BEC 2022 ring pendhapa mburi Disbudpar Banyuwangi.
Kepala Bidang Pemasaran Disbudpar, Ainurrofiq nyampekaken kadhung BEC 2022 iku ibarate ngewakili gambaran tema-tema sedurunge.
“Uga dimaksudaken kanggo nengeri sepuluh taun BEC. Dikarepaken ring umur hang uwis 10 tahun iki, BEC saya sukses. Sukses acarane, sukses mutere ekonomi masarakat lan sukses manajemen panitiyane,” imbuhe mungkasi gesah ring sela-selane temu teknik peserta sore.
Kanggo ngenget-enget, apuwa Banyuwangi nyangking ethnic ring sakjerone acara gedhi Banyuwangi Ethno Carnival (BEC)? Banyuwangi nduwe sumber seni budhaya tradhisi hang kuwat oyode ring masarakat. Merga sekabehane merujug dhewek ring tengah-tengah penguripan masarakate. Masarakat sing dipeksa supaya ngedegaken kesenian utawa gawe-gawe adat lan tradhisi. Taping Pemerintah Kab. Banyuwangi njunjung dhuwur paran hang uwis ana kanggo didadekaken dhasar inopasi lan kreatipitas sekelas dunia.
BEC tau njunjung tema Gandrung, Damarulan, Kuntulan, Seblang, Kebo-keboan, Puter Kayun, Kemanten Adat Using, Sritanjung-Sidopekso, Prabu Tawangalun, Majestic Ijen.
“BEC iku minangka cendhelane Banyuwangi. Uwong-wong sak donya dhemene hang wah, glamor lan bida ambi hang ana ring panggonan-panggonan liya. Lha….kadhung turis wis padha teka ring Banyuwangi, ya ayo dituntun ring panggonan-panggonan hang duwe seni budhaya tradisi. Diduduhaken etnik aseline. Gedigu carane Banyuwangi ngenalaken tradhisine ring atine uwong sak donya,” jare pimpinan Sanggar Kromo Sono Budoyo Bangorejo, Ririn hang saben acara paran bain ngirimaken muride kanggo milu ngeramekaken.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







