Tari Gandrung Dikongkon Nggelar ring Istana Gubernur Sumsel
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Agustus 2023 08:03 WIB)
- Laporan
Gubernur Sumatera Selatan H. Herman Deru seru kajune ring parade tari hang digelar kanggo mengeti dina dadine Ikawangi Sumsel hang kaping telu, dina Minggu (30/7).
“Isun ngeregani seru tari kolosal mau, apik seru. Sun jaluk acara tari gandrung ditampilaken ring Istana Gubernur. Ikawangi iki Hun deleng dadi organisasi kesukuan utawa kedaerahan hang paling meriyah," jare Gubernur Herman Deru nganggo Basa Indonesia ring Gedung OPI Convention Centre Jakabaring.
Tari hang digelar ana Tari Gending Sriwijaya, Tari Sorote Lintang, Tari Kipas, Tari Gambyong, tari kolosal Jejer Gandrung Kembang Menur lan Jaranan Buta.
Jare Herman Deru, Ikawangi minangka organisasi seru rukun lan guyube. Katon ring lapangan Ikawangi nduweni semangat hang dhuwur.
"Kadhung wis usaha, mesthi bisa maju. Kene weruh gok organisasi kesukuan lan kedhaerahan ring Sumsel iki bisa dadi sengker paling apik, njaga makene hing diseren budaya njaban."
Mula, jare Pak Herman Deru, budaya liyan sara arep dipageri taping kelawan nguripaken kearifan lokal bisa disuda. "Iki pagere budaya hang mbesuk diwarisaken nyang anak putu. Sumsel iki ketekan wong Banyuwangi sakat sedurunge merdheka. Dadi iyane iki dudu transmigran mangka kudu saya diraketaken silaturahmine makene saya kuwat."
"Majoaken Sumsel iki serege yaiku rukun lan sinergi merga hing bisa mbangun dhaerahe dhewek-dhewek. Kayadene sapu semat, kadhung ngelumpuk dadi kuwat," jare Gubernur Herman.
Iwuh ring Sumatera Selatan iku ditekani Ketua Ikawangi Sumatra Grup (ISG) Kang Nur Hidayat, uga ambyak-ambyakan teka Ikawangi liyane kayata Ikawangi Pusat kelebu Ketuane Mayjen TNI (Purn) Rusdi Maksum, uga korwil-korwile, Ikawangi Dewata Bali ketuane Kang Agustinus Winjaya dikancani Kang Istiyono lan Hadi Wiyono, Ikawangi Lampung Kang Khairil lan Kang Sunyoto lan rimbongane, Ikawangi Jambi Kang Panut, Kang Pujiono lan rombongane.
Ketua Ikawangi Sumatera Selatan, Kang H. Suroso SE, Ikawangi ngelungaken terima hang gedhi nyang Gubernur Herman merga diwani panggonan kanggo milu mbangun dhaerahe. Sumsel ngadeg taun 2020, saiki nduwe enem Koordinator Wilayah (Korwil), yaiku Korwil Musi Banyuasin, Palembang, Banyuasin, Ogan Komering Ulu, OKU Timur, lan Korwil Ogan Komering Ilir.
Ikawangi Sumsel iki minangka salah siji teka sangang Ikawangi ring pulo Sumatra, teka Aceh sampek Lampung, kang ana ring ngisor payunge Ikawangi Sumatra Grup (ISG).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







