Tarzan Kota Teka Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 Agustus 2023 09:02 WIB)
- Laporan



Kang Koni lan Kang Antok teka Glagah, milu anggotane grup Macaan Pacul Gowang Arum Dalu pimpinane Kang Ino Jopuro. Iyane ngerasa kaya bintang pelem Benyamin tepak main pelem Tarzan Masuk Kota. Teka Banyuwangi hing tau ngambah njaba kutha mara-mara dikongkon nong Tangerang Selatan hang sithik akeh wis kaya kutha Jakarta. Bangunan dhuwur-dhuwur, kabeh nganggo teknologi majune jaman: eskalator, lift, sereg kartu, AC. Tanggal 22 Juli sore Ikawangi Tangerang Selatan nduwe gawe mengeti telung taune lan salah siji hiburane nekakaken Macaan Pacul Gowang Arum Dalu.

Sakat munggah bis ring Karangente, masiya bis sleeper hang bisa selonjoran lan turu kerungkupan polae selimut, bantal wis disedhiyani, arane mabuk bisa diarani sakat teka Banyuwangi. Paran maning arane Kang Antok hang hing kuat hawa adhem AC, hing ulih ngudud pisan. Kaya disiksa.

Sarta wis selamet gadug Tangerang Selatan, dipapag diudhunaken nong hotel. Hang mapag wis mulih. Aju wong telu iki mangkat dadi Tarzan. Kelendi nggoleti kamare? Wong-wong liya munggah kaya ring lawang hang mbukak nutup. Jak telon padha nunggoni nong ngarepe lawang iku hang cumpu disebut lift. Taping lift-e ya wutuh hing melaku merga sing ana hang ndudul nomere. Emane ana dhayoh wong Lamongan hang weruh gok wong telu iki hing bisa munggah, aju nulungi.

Munggah lift wis beres, melaku nggoleti kamare. Wis gadug ngarep kamar, kelendi mbukake? Yong iku mau mung diwani kartu hing diwani sereg. Emane maning ana tukang rerijig hang bisa bantu.

“Daya mung ditemepelaken bain,” jare Man Inok.

Ring njero kamar, maning-maning kaya disiksa. Sing bisa metu kamar arep ngudud, wedi sing bisa balik. Sedheng hawane seru adheme hing bisa mateni AC utawa nyilikaken hawa adheme. Kang Antok sepisan maning, turu ring pelesteran ngingsor makene ketutup hawa AC mauka. Kabeh kesiksa, merga arep ngudud hing bisa.

Emane rada bedhug sithik wis ana hang mapag, diejak melaku-melaku lang madhang ring mall AEON. Hing wanen milih panganan, pokoke golet hang ana segane. Teka kene wong telu diejak ring panggonan Gladi Bersih ring resto Remaja Kuring hang akeh ring pinggir-pinggire wit-witan gedhi kaya ring Glagah. Jak telon buru rada lega sithik. Paran maning teka kadohan wis rungu suwara terbangan kuntulan ngungkung ngiringi gendhingan Banyuwangi.

Ring kono, kecaruk wong-wong hang ngomong nganggo cara Using.

“Buru hing kerasa gok Isun ring Tangerang Selatan. Iki kaya ring tangga desa. Ana unine terbangan, wong-wong ngomong cara Usingan,” jare Kang Antok hang kesuwur arane ring genjot gandrungan minangka Antok Gerang Kalong. Polae iyane dhemen maju gandrung, lan gendhing hang didhemeni iku Gerang Kalong. Njugete saya seru, mangkane iyane sampek diuwul. Dikongkon njuget maning lan ana wong hang mbayari panjake supaya gendhinge ditambahi supaya Kang Antok njuget maning.

Marek milu ndeleng wong Kuntulan, aju bareng Man Inok nyekel terbang, bisa terbangan, tempalan, buru raine katon cengar. Hing ana maning rasa kesiksa merga hawa adhem hang njelu sampek nong belung.

Dalu marek Gladi Bersih, kabeh balik nong hotel kejaba Kang Antok, magih wedi ambi hawa adhem. Iyane milih turu ring umah kosong duwene ketua Ikawangi Tangerang Selatan Mbok Titin Iriani hang mung ana isine kasur siji. Taping iyane girang, ngudud bisa sewengian.

Kisuke ring acara, marek munggah panggung kanggo Macaan Pacul Gowang, jak telon milu nyekel terbang ring grup Kuntulane Tangerang Selatan, Gondo Arum, tempalan anter-anteran. Malah rada emeh soren, wis emeh entek acarane, jak telon utamane Kang Inok lan Kang Antok bisa milu pajuan lan nduduhaken keahliane nggandhang lan njuget gandrungan. Hing katon gok sore buru dadi Tarzan. Berrrangkaaat.

Poto teka kiwa: Kang Antok, Kang Koni lan Kang Ino

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf