Taun Ajaran Anyar, Kepala Sekolah Anyar ring Banyuwangi

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Selasa, 19 Juli 2022 07:59 WIB)
- Laporan



Taun ajaran anyar wis teka, sekolah-sekolah utamane sekolah negeri wis padha ngawiti melebu tanggal 14 Juli 2022 kang dikenal acarane Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah (MPLS). Acara iki kanggo murid-murid anyar. Kadhung ring SD kanggo murid kelas 1 sedheng ring SMP kanggo murid kelas 7. Tujuwane engko kadhung wis melebu ring taun ajaran anyar dikarepaken lare-lare wis kenal ambi guru-guru lan kepala sekolahe, kenal ambi kanca-kancane, uga kenal ambi lingkungane. Taping ana kang beda ambi sakdurunge nalika murid kelas ndhuwure nampa rapot. Wangune kepala sekolah nalika rapotan wis beda ambi kepala sekolah kang mapag murid anyar. Temakaken kepala sekolahe wis ganti. Sing mung siji loro kang ganti kepala sekolahe. Ring Kabupaten Banyuwangi malah ana sekitar telungatus lebih kang diangkat dadi kepala sekolah anyar. Akeh-akehe kepala sekolah kang anyar iki magih enom-enom lan ndeleng dedege rata-rata magih kesit lan telikas.

Mula setaun rong taun sore, kepala sekolah utamane kepala SD ring Banyuwangi mulai logrok kerana padha pangsiyun. Antarane kang pangsiun lan kang nggantekaken hing seimbang, akehan kang pangsiyun timbang hang ngganteni. Kanggo ngganteni kang pangsiyun ahire guru kang senior nong sekolah kono padha diangkat dadi pelaksana tugas (plt) kepala sekolah kang jumlahe sekitar separo jumlahe sekolah kang ana. Sukur, ring kecamatan Banyuwangi, kepala SD definitif kang diangkat ahir Juni sore ana rongpuluh kepala sekolah ngganteni kepala sekolah kang plt utawa kang kosong. Sedheng jumlah sekolah negeri kang ana ring kecamatan Banyuwangi akehe telungpuluh telu sekolah.

Kepala sekolah kang anyar kudu berangkat nong sekolah panggone tugas sakmarine nampa surat perintah teka kepala Dinas Pendidikan. Kepala sekolah anyar padha kulanuwun nyang panggon tugase kang anyar. Kadine serta murid-murid padha melebu milu MPLS kepala sekolahe akeh kang anyar. Perlu diweruhi, sakliyane kepala sekolah anyar iku pangkate wis nyukupi sarat para kepala sekolah iku uga ana teka guru penggerak. Kerana wis cukup sarate iku mangka pantes kadhung terus diangkat dadi kepala sekolah definitif, sing plt maning. Akeh-akehe pisan kepala sekolah anyar iku mula wis dadi tangan tengene kepala sekolah sakdurunge. Kaya Ainur Rofik teka SDN Kebalenan. Ring sekolah kono Ainur Rofik sering makili kepala sekolahe nalika kepala sekolahe magih dicekel Emmy Tri Astutik, MM sampek kepala sekolah ganti Tatik Sugiwati, S.Pd nalika ana kegiyatan ring panggonan liya. Ana pisan kepala sekolah anyar arane Tri Wahyuni lan Rahmat kang asale teka SDN 4 Penganjuran. Wong loro iku kegiyatane sak abreg ngancani lan nulungi kegiyatan Hj. Setyaningsih, MM kepala sekolah sakdurunge. Lan ana maning kepala sekolah kang anyar iki wis mula dadi plt antarane Yandri Abidin  ring SDN 2 Penganjuran lan Diah Purwati ring SDN 1 Singotrunan kang saiki ulih tugas ring SDN 1 Singotrunan lan SDN 2 Singotrunan kang plt kepala sekolahe ngadhepi pangsiyun.

Sakat taun 2021 pemerintah nganakaken program guru penggerak, kang tujuwane  ndadekaken pemimpin pembelajaran nong sekolahane. Serta wis digodhog kang lawase sangang ulan, guru penggerak iku bener-bener dadi pemimpin pembelajaran. Kerana pangkate wis nyukupi sarat, ahire guru- guru penggerak padha diangkat dadi kepala sekolah. Ring kecamatan Banyuwangi kepala sekolah anyar kang asale teka guru penggerak antarane Ima Fatmawati teka SDN Model, Andy teka SDN 4 Penganjuran, Dedi teka SDN Mandar, lan Ninik uga Lutfi teka SDN 1 Panderejo. Selamet ngelakokaken tugas muga-muga para kepala sekolah iku padha amanah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf