Teka Dhukuh Gelagung Nyang Sawah Betoro Paspan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 19 Juli 2024 09:47 WIB)
- Laporan
Ring dhukuh Talunjeruk Desa Glagah ana panggonan hang aran Sawah sumur. Serta dhukuh nduwe kegiyatan adat istiadat arane uwahdadi Sendang Kamuliyan, gedigu jare sesepuh dhukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik.
Miturut wong tuwek hang nggawe organisasi yaiku KUPPAT (Kualisi Pelindung Pegiat Adat Tradhisi) Dukuh kadhung dititeni cumpu panggonan iku kelebu panggonan hang angker, sakral lan keramat.
Jare Kang Usik kadhung dirunut teka sejarahe bengen panggonan iku arane Pesanggrahan Dukuh Gelagung, Dukuwan, Talunjeruk.
Lan jare maning bengene panggonan iku dadi papane salah sijine wali hang ajar Suluk utawa Nembang nyang Buyut Retno Narahi taun 1560.
Cumpu kelawan tekane penjajah Landa hang teka lan megawe sakkarepe dhewek, panggonan iku dirusak merga ditanduri tebu.
Sakjege dadi kebonan lan kedhokan sawah arane uwah maning hang maune Dukuh Gelagung aju dadi Patok Abang Talun utawa Taman.
Kebonan kedhokan hang bengene ring Gelagung dienggo tandur-tandur ambi Buyut Retno Narahi lan murid-muride. Salah sijine ana hang aran Sunan Perapen (putune Sunan Giri Gersik).
Naming saiki sebutane uwah maning dadi Sawah Betoro Desa Paspan.
Apuwa gok sawah iku arane uwah dadi Sawah Betoro? Merga Buyut Retno Narahi iku wong wadon hang dhemen mertapa lan njaluk nyang dewa-dewa utawa para bethara merga iyane iku wong Hindu.
Kanggo mengeti panggonan iku, para wong tani sak ubengane, mesthi nganakaken tumpengan saben ulan Sura. Iwuhe dilakoni tepak tanggal 15 ulan Sura bangete ana ulan andhung-andhung.
Tujuwane kanggo golet berkah nyang Gusti Pengeran lan nampani tekane taun anyar Jawa lan taun anyar penanggalan Islam.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Usik
Editor: Hani Z. Noor








