Teka Tumpeng Sewu nong Barong Kemiren

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 06 Juli 2022 09:09 WIB)
- Laporan



Ngarepaken lebaran haji, desa Kemiren Kecamatan Glagah ubrek ambi ritual tradhisi hang saben taun digelar lan tetep diuri-uri.
   Sorene maning dina Minggu tanggal 3 Juli ana acara Tumpeng Sewu hang dipiloni  ewonan wong teka endi bain dhirik sak dawane dalan desa. 
   Saben umah nggelar kelasa ring ngarep umahe dhewek-dhewek kanggo ndeleh panganan. Wong-wong padha lungguh sila ambi niliki tumpeng hang digelar ring kono. Dalan desa hang nyibrak desa Kemiren ditutup sakwetara kanggo montor sakat jam 17.00 soren.
   Kelawan nggelar tradhisi iki wong-wong milu ndonga makene diadohaken teka sengkala. 
Wis rong taun merga pageblug, upacara Tumpeng Sewu Desa Adat Kemiren iki kesandhet hing bisa digelar. Upacarane dikawiti sakat isuk kelawan tradhisi mepe kasur cemeng hang ana selirit abange. Tujuwane ngerijigi kothoran hang ana ring njero umah lan ngerijigi energi negatip (werna cemeng) makene ulih semangat (werna abang) kanggo ngelakoni urip. 
   Soren-sorene, digelar Barong Ider Bumi yaiku iring-iringan barong melibengi dalanan desa 
Wayah ngarepaken soren digelar barong ider bumi. Aju ana panitiya hang ngurupaken oncor sak dawane dalan lan kesenian Barong diarak keliling desa. Wong-wong tuwek, enom lan lalare kabeh miloni arak-arakan hang mandheg ring pusere desa tepak serngenge surup. 
   Sak mareke magerib, sedurunge rituale diangkati, ana donga. Kabeh wong padha lungguh anteng ring kelasa lan karpet hang digelar ring ngarep umahe. 
Kaya anjrahe, saben umah nyedhiyani tumpeng ring ngarep umahe dhewek-dhewek. Tumpenge has lan mesthi ana pecel pitike yaiku pethetheng pitik hang dipanggang dicampuri parutan kelapa hang diendohi sambel kacang lan ramonan kayata manisak, terong welut, seladhah banyu, kangkung, timun lan liyane. Donga hang dirapal njaluk lindhungan teka Gusti Pengeran hang njangkungi.
   Jare sesepuh lan Ketua Adat Kemiren Pak Suhaimi, Tumpeng Sewu minangka tradhisi digelar sedurunge Idul Adha. 
"Kene iki mung nerusaken lan nguri-uri adat lan budaya hang wis dianakaken atusan taun suwene. Muga-muga masarakat desa Kemiren diadohaken teka balak. Ritual iki ditekani turis lokal lan teka negara manca merga dilebokaken ring agenda pariwisata Banyuwangi.
   Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Banyuwangi MY Bramuda ngomong gok gelaran ritual adat lan tradhisi iki wis dadi atraksi kanggone wong kelenceran. 
"Mangkane pemerintah tetep ngugemi ngangkat tradhisi iki ring pestipal. Sakliyane iku ya milu nguri-uri tradhisi embah buyut hang bisa dadi atraksi kanggone wisatawan," jare Pak Bramuda.
   Kelawan dadi atraksi hang bisa nyedhot wong kelenceran dienggo nyekseni, adat tradhisi dikarepaken bisa nambahi penguripane wong desa.  "Sipat has hang gedigi ikk hang didhemeni wisatawan. Paran maning wong Kemiren geromyoh nang wong, jare Pak Bram. 
   Engkisuke diterusaken maning gelaran Barong ring umah keluwargane Mbah Pi'i. Tontonan Barong lan Jakripah iki kaya biyasahe dianakaken mareke isak sampek jam 6 subuh.
   Jare Slamet Diharjo alias Samsul, seniman tari hang manggon ring Kemiren kira-kira saben rong jam ganti lakon. 
Jam 10 paman Tambur Layar Kemudhing hang mbantu Jakripah nggoleti Sunar Udara. Jam 12 Panji Sumerah musuh buta melaku babat alas, alas Kemirian.
Jam 2 Suwarno Suwarti ring lakon pedesaan, Suwarti dicolong Suwarno.
Jam 4 Lundaya yaiku macan hang disabda dadi menungsa.
Jam 6 macan-macanan hang nduduhaken Lundaya ngelakoni tari trans (kejimen).

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan: Aguk WN

Editor: Hani Z. Noor