Telung Karya Mahasiswa Banyuwangi ring Surabaya
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 13 Juli 2022 08:20 WIB)
- Laporan
Telung Karya teka telung mahasiswa asal Banyuwangi ujian Tugas Ahir (TA) bareng ana ring Pendopo Agung Kampus STKW Surabaya dina iku, tanggal 12 lan 13 Juli 2022. Acarane manggon ana ring kampuse dhewek, Perumahan Wisma Mukti, Jl. Klampis Anom II, Klampis Ngasem, Kec. Sukolilo, Kota Surabaya. Mahasiswa-mahasiswa asal Banyuwangi hang arep mentas sarjana S1 seni iki antarane bain Soumi Aulia Al Haqqi asal teka Rogojampi, Ahmad Aliapi teka Pesucen Glagah lan Deni Setiawan asal Curah Pacul Muncar.
Telung mahasiswa asal Banyuwangi lan limang mahasiswa asal teka Kabupaten liyane iki sakdurunge wis nggodhog karyane kanggo ujian iki mis emeh enem ulan lawase. Tugas Ahir (TA) iki dadi dalane para mahasiswa iki kanggo nempuh gelar sarjanane yaiku S1 Seni Karawitan ring Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya kelawan gelar Sarjana Seni (S.Sn).
Soumi Aulia Alhaqqi dina iki nggawakaken karyane hang judhule “Deling Kambang” ring dina kawitan tanggal 12 Juli 2022. "Deling Kambang” hang dadi gelarane Soumi Aulia Alhaqqi akeh sithik kepingin nduduhaken sugihe teknik timpalan Banyuwangi hang diolah bareng ambi tabuhan Jawa laras selendro lan pelog ndadekaken tatanan musik anyar hang wutuh lan sing gampang maning dikenali endi Jawa lan endi Banyuwangi dadi siji wutuh ring pergelarane.
Hang apik maning teka karyane Soumi merga tabuhane nganggo jajang kabeh, kerasa temenan bedane karyane iki ambi karya-karya Tugas Ahir sakdurunge. Aseli temenan tabuhane digawe dhewek sing nganggo tabuhan kaya tabuhan Banyuwangi hang wis ana. "Deling Kambang" hang uga dikarepaken teka Jajang hang Kemambang yaiku “rakit” utawa gethek hang dadi dasar penciptaane. Gethek hang uga diarani “rakit” (merakit) yaiku ngerenggo teka teknik pukul lan timpalan hang wis ana dadi barang anyar hang enak diapresiasi. Jare gampange omong, bisa uga diarani musik bambu.
Deni Setiawan nggawa “Nyalompret ring Degling” hang digelar ring dina sakteruse yaiku tanggal 13 Juli 2022 dadi gelare mahasiswa asal Banyuwangi liyane. Karyane hang digelar ring ujian ahire iki ulihe inspirasi teka salah sijine tukang selompret jaranan buta Banyuwangi hang wis kesuwur yaiku selompretane Sarji.
Deni ndadekaken nada-nada hang ana ring selompretan jaranan buta Banyuwangi iki dadi gelar unine bahola, cello lan gendhingan hang carem ana ring ring alur sajian. Dinamika sajian teka “Nyalompret ring Ndegling" uga dadi gelaran hang pokok ring kekaryaane Deni Setiawan iki.
Ahmad Aliapi nom-noman asal teka Glagah iki nggelaraken “Keblak Rantag” ring dina kawitan tanggal 12 Juli 2022. “Keblak Rantag" kuang lebihe yaiku wujud re-intrepretasi teka tabuhan Barong Using.
Gendhing Keblak-keblak hang dadi pungkasane gendhing ring kesenian Barong Osing teka Kemiren dadi inspirasi-ne Ahmad Aliapi nggawe tabuhan hang anyar sing mung kaya awak dhewek ndeleng “Barong Osing” ana ring Kemiren Glagah naming dadi siji wujud pergelaran hang mandiri kanggone kekaryaane Aliapi. Ring kene aja mung ngarep anane keplakan kendang Barong hang bolan-balen naming wis dadi garapan wutuh hang keneng diapresiasi. Tatanane gendhing lan larase ndadekaken Keblak Rantag dipolah dadi tabuhan anyar ana ring gelaran Tugas Ahire Aliapi iki.
Hang mesthi, teka telung karyane Mahasiswa Banyuwangi iki kabeh nduwe karep lestarine tabuhan Banyuwangi. Kekarepan lestarine sing mung mandheg hang kaya saiki naming dadi kreasi ndadekaken tabuhan Banyuwangi melethek maning ana ring empang-empang anyar kayadene tetanduran hang katon subur merga akeh prujukan liyane. Iki uga nguweni penggayuhan nong lestarine tabuhan paglak lan tabuhan jajang, tabuhan jaranan buta lan uga tabuhan Barong Using kaya hang wis digelar ana ring Pergelaran Tugas Ahir (TA) mahasiswa STKW Surabaya taun 2022 asal Banyuwangi iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Antariksawan Jusuf





