Terapi Pendhem Pasir Gratis ring Pantai Cacalan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 November 2022 03:14 WIB)
- Laporan
Kadhung arane wong lara struk utawa sebutane mati separo, rungu cara paran bain diuber pokoke bisa nggawe awake dadi lan arone.
Semono uga wong-wong hang milu terapi dipendhem pasir laut. Ring pantai Cacalan, kadhung melebu mari bayar tiket aju ngaloraken, saben isuk sampek bedhug ana wong-wong hang milu terapi iki.
"Perlune dudu panase/angete pasir hang dadi ubat penyakite, taping uyah hang ana ring pasire iki," jare pak Cip, anggota Kelompok Sadar Wisata hang ngelola panggonan kelenceran Cacalan. Sakliyane pesisir panggonan wong adus-adusan, Cacalan uga nduwe kaya rawa banyu tawa hang bisa dienggo wong kelenceran menganan kanoe, perahu cilik hang didayung dhewekan utawa keloron. Ring kono, wong-wong uga bisa tuku pelet pakanan iwak aju makani iwak-iwak hang ana ring kolam rawane iku. Ring pinggir rawane uga ana pegupon lan akeh darane hang uga bisa dipakani pelet.
Setemene, pesisir Banyuwangi dawane 175 kilo, dadi gampang bain arep terapi pendhem pasir. Paran hang nggarahi milih pantai Cacalan?
Wong-wong hang terapi ring kono kerasa diwani wigati dadi hing ngerasa sara dhewek. Pokdarwise nugasaken wong loro, kelebu pak Cip, kanggo ngelayani wong-wong hang mbutuhaken bantuwan. Sakat melebu ring paggonane mbayar, sukur ngomong milu terapi digu bain, petugase wis ngarti gok wong iku hing perlu mbayar karcis. Gadug ring panggonan mendhem, wis ana petugas hang ngelayani nyiapaken panggonan pendheman kelawan maculi pasir kanggo wong hang terapi. Sakwise wong wis dipendhem teka pucuk deriji sikil sampek ring dhadha, aju ana petugas liya hang nyedhiyani sak botol banyu mineral, tambah sak gelas wedang jahe sere abang, kadhang ana hang nggawekaken jus buah naga utawa jus wortel tomat. Dadi teka Senin sampek Sabtu akeh wong hang terapi.
Sak suwine sak jam sampek telung jam, wong-wong iku padha saur manuk guyonan, cekikikan ngilangaken rasa gok iyane kabeh iku wong kadheman.
Kabeh gratis teka Pokdarwis lan sumbangan teka wong-wong hang duwe warung ring kono minangka amal. Malah kadhung wong hing bisa teka, bisa diparani ambi petugase. Akeh wong-wong adoh teka Gombeng, Suko hang milu terapi ring kono.
Mangkane petugas hang ana hing gelem nerima picis teka wong terapi. Salah siji warung iku duwene pak Yas hang uga milu terapi pisan. "Bisa dipecat ambi ketua kadhung terima picis," jare pak Cip.
Durung maning hang nggawe dhemen yaiku sak marine dipendhem, wong-wong iku milu terapi nganggo gelombang elektro magnetik (istilah umume: disetrum). Terapi iki uga gratis nganggo jasane pak Luki. Pak Luki iki bisa milu ngerasakaken sambatane wong-wong iku mergane iyane dhewek tau keneng struk suwene rong taun. Aju golet tamba ring Yogya nganggo terapi setrum iki sampek dadi lan arone. Malah pak Luki iki ya wong hang belahi selamet teka lara diabetes/gula. Sikile wis emeh ditugel merga penyakit gulane taping saiki aron, naming sisane ya magih bisa dideleng ring sikile hang nggawe miris mbayangaken bengene. "Dadi kadhung Isun ngewarahi wong liya bab struk lan gula, merga isun wis ngalami dhewek. Dudu mung jarene," jare pak Luki hang mbukak praktek nong umahe ring Kebalenan Baru 3. Pak Luki nerapi wong-wong ring Cacalan saben dina Senin-Rebo-Jumat.
Petugas Pokdarwis pak Cip iki ya salah siji wong hang bisa balik normal mari keneng struk aju dipendhem ring pasir Cacalan. Iyane ngomong hing tau golet tamba cara liya, kayata dipijet.
"Isun hang ngewarahi iku nelayan teka Pilipina hang kapale rusak ring kene. Isun hing ana hang mbantu. Umahisun ring wetane Nafo (bekas pengalengan ikan-red). Isun ditukokaken kursi pelastik ambi keluwarganisun dikongkon melaku dhewek nang pesisir. Kursine hun gawe kaya teken mbantu isun melaku. Kadhung kesel hun lungguhi. Gedigu sak teruse," jare pak Cip. Kira-kira setaun aju iyane aron.
Ambi wong Pilipina iku iyane dikongkon mangan iwak mungsing hang digodhog hing kathik ragi paran-paran. Mungsing iku apik dienggo nguwataken belung," jare pak Cip.
"Kadhung uyah ya bisa dideleng langsung. Cacaken wis, tukuwa uyah kerosok, diolah nang panci aja diwani banyu. Engko kadhung wis dadi banyu celupeno kaos aju digawe ngompres awak hang kaku-kaku. Sakkal ilang. Cacaken tah," jare Pak Cip.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







