Therothok lan Therethek ring Lomba Patrol lan Kuntulan 2023

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 April 2023 06:12 WIB)
- Laporan



Kesenian Patrol mula ana ring masarakat Banyuwangi sakat wingek. Anane mung ring ulan puwasa Romadon. Kawitane ana kanggo keperluane jaga keamanan ring pabrik utawa kampung. Naming, patrole mung arupa therothok utawa thethek uga ana hang ngarani katir. Telung aran iku ana alasane dhewek-dhewek. “Kadhung aran therothok, merga cara nabuhe ngetril-ngetril. Therothok siji bisa ditabuh dadi telu sampek papat kelir suwara.  Kadhung thethek iku dijuwut teka suwara therothok hang ukuran jajange rada cilikan teka therothok mau. Mulane kadhung ditabuh suwarane temerethek. Kelir suwarane mung loro. Adate hang nabuh jak akehan. Kadhung diarani katir merga jajang hang dienggo nggawe therothok iku pecake mari dienggo katire jukung. Suwarane lebih ulem. Paran sebabe? Merga uwis suwi ulihe kum-kum ring banyu segara. Jajange gedhi. Bisa bain digawe teka jajang ori utawa petung,” abane Kang Ikwan Bubuk Rogojampi, hang sabendinane nyengkelit tabuhe gamelan iku. Salah siji anggota Dewan Juri Patrol lan Kuntulan 2023 unibengi iku uga nyampekaken, masarakat Kabupaten Banyuwangi kudu milu nggendhong indhit tanggung jawab kanggo lestarine kesenian patrol. Pinter-pintere sembah-buyut bengen, makene bisa dadi kesenian musik, therothok aju ditambahi gong, dhundhung, tempal, kenthong (kethuk) lan teter. “Bengen wilahane siji-siji. Hang nabuh gong uwong siji. Semono uga alat musik liyane hang kabeh digawe teka jajang. Kerana saben bengi ring ulan puwasa akeh uwong patrol, pungkasane pemerintah nganakaken lomba patrol. Kadhung sing salah kawitane lomba iku ring taun 1975. Saben taun antarane grup Pengantigan ambi grup Temenggungan iku uber-uberan dadi pemenange. Taun 1978, lombane uga digelar kanggo pelajar sekolah dhasar. Kala semono juwara siji antar pelajar SD sak Kabupaten Banyuwangi juwara sijine direbut SDN Pengantigan. Ya Paujik (kang ujik) iku hang mimpin,” abane Mas Kakang Soeroso, budhayawan sepuh pantarane Wak Nan lan Man Andang CY iku nalikane dijaluki penjelasan ngenengi masalah patrol unibengi (5/4) ambi ndeleng peserta patrol liwat ring kampunge. Mas Kakang Soeroso iku sakat tahun 70-an uwis dadi juri lomba-lomba antarane ya lomba patrol. Uwong hang bengen tau kesuwur dadi Penyiar Radio Khusus Pemerintah Daerah (RKPD) acara “Repenan” nambahaken, kerana pinter-pintere Seniman Banyuwangi, pungkasane musik patrol sing mung sak wilah. Ana hang rong wilah uga ana hang limang wilah.

Mula kanggo lomba patrol taun iki panitiya nganggo ketentuan hang uwis mula ana, patrole diulihaken limang wilah. Serta 10 (sepuluh) Tim Patrol teka Kec. Srono, Glagah, Cluring, Blimbingsari, Rogojampi, Songgon, Rogojampi, Banyuwangi, Muncar lan Giri, Dewan Juri hang akehe sanga iku, lima tugase njuri ring ngarepe panggung, petang juri mbiji ring sedawane dalan ngasilaken lima pemenang yaiku: juwara 1 Kec. Glagah, juwara 2 Kec. Singojuruh, juwara 3 Kec. Banyuwangi. Harapan 1 Kec. Cluring lan harapan 2 Kec. Rogojampi.

Ring wektu hang padha, 5 (lima) juri ring panggung yaiku Subari Sofyan (koordinator), anggota Kang Suparto Hadi, Sunardi, Yon DD lan M.Ikwan mbiji limang grup Kuntulan. Mari mbiji, Dewan Juri musawarah ring ruang Sekretariat Gesibu Belambangan sampek jam 01.00 Wib ngasilaken juwara 1 grup Kuntulan Kec. Banyuwangi, juwara 2 Kec. Singojuruh, juwara 3 Kec. Kalipuro, harapan 1 Kec. Glagah lan harapan 2 Kec. Bangorejo. Grup hang ulih tanggapan paling akeh teka channel Banyuwangi Tourism  yaiku grup Kuntulan Kec. Banyuwangi akehe 2.249 lan kanggo grup patrol direbut teka Kec. Rogojampi hang akehe 728 viewer. “Kanggo hang juwara 1 (siji) sampek 3 (telu) kanggo saben kelompok lomba diundang Ibu Bupati ring Pendhapa  Sabha Swagata Belambangan dina Kemis (6/4) jam 14.30 Wib, dibarengaken ambi acara peringatan Nuzulul Qur’an  1444 H. Alhamdulillah….. proses lomba Patrol lan Kuntulan kanggo ngeramekaken Festival Islami 2023 melaku langsam. Masiya teka sisi perlengkapan magih ana kurange. Panitiya sing ulih gancang kajon. Magih ana hang kudu dibecikaken kanggo kesempatan ring dina mburi,” abane Kadisbudpar Banyuwangi, Bramuda. Iyane lega ati merga kabeh camat padha teka, Bupati, Sekda, para Asisten lan kepala liyane guyub lan gayap nekani acara Festival Islami 2023. Sing cukup semono, Kepala Bidang Kebudayaan Disbudpar Prov.Jatim, Dwi uga teka.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor