Tim Kesenian Banyuwangi Nggawe Mongkog ring Inggris
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 09 November 2022 06:13 WIB)
- Laporan
Rombongan kesenian Banyuwangi teka SMAN Taruna Budaya nggawe mongkog tampil ring London Inggris. Masiya tawis tim Banyuwangi sing tampil dhewek.
Promosi pariwisata Indonesia hang dianakaken ambi perwakilan Pemerintah Indonesia (KBRI) ring London Inggris, ditekani Menteri Pariwisata Sandiaga Uno.
Sakliyane tim teka Banyuwangi, iwuh iku nekakaken kesenian lan produk-produk has teka Aceh, Kalimantan, Sumatera Utara, Pasundan, Dewi Gita lan Dancer teka Jakarta.
"Acarane iku dianakaken ring panggonan hang tulisane iku - Vinegar Yard - gedigu. Isun sing ngerti karepe iku paran," abane Guru Niluh Lukanis, hang ulih tugas ngawal murid-murid SMAN Taruna Budaya Rogojampi Banyuwangi nalika dihubungi belambangan.com nganggo tilpun ketheme.
Niluh hang lulusan STSI Denpasar iku nambahaken kadhung kesenian teka Jawa Timur hang diwakili Banyuwangi mula dianteni pengunjung.
"Uwong-wong Indonesia hang urip ring Inggris padha nganteni tampile lare-lare Using Banyuwangi. Paran maning uwong-wong hang bacote dawa-dawa ika. Padha kepingin arep weruh. Merga selawase iki mung kerungu teka berita ring media sosial. Mulane..puh.. penonton uyel-uyelan. Lanang wadon rapet dadi siji," jare bu Niluh.
"Marek disiyaraken: Sedhela engkas arep tampil kesenian teka Banyuwangi, byek aran kamera padha ditata rebutan ring ngarep. Kabeh padha nyepakaken tilpun ketheme kanggo nyuting. Hang aran iluh nderedes ring pipinisun sing kerasa. Pokoke wis. Pasthine engko hang tanggal 8 ya saya akeh hang teka. Sing sanggup Isun.... Cager untel-untelane penonton. Muyek.... sing bisa mbayangaken Isun," jare guru hang lancar njuget iku.
Kadhung dipikir-pikir mula bener paran hang disampekaken Guru Niluh Lukanis. Uwong-wong jabane Indonesia nawi bain rumangsa kangelan bisa teka ring Indonesia. Bisa kerana sarat-sarat hang wis sing kaya bengen maning sedurunge Pandemi Covid 19. Pumpung kesenian lan budhaya Indonesia teka ring negarane, kesempatan nekani panggonan promosi iku lebih lega. Paling ngetokaken bandha sing kariya akeh kaya kudu teka ring Indonesia lan kudu gadug ring Banyuwangi.
Banyuwangi sakat 10 tahun kepungkur iki uwis bisa nguber majune donya Pariwisata Bali lan Jogyakarta. Iku kabeh asil usahane kabeh warga hang panatik ring kesenian lan budhayane dhewek. Tekade mula kudu didhukung.
Salah siji penonton, hang bengene teka Lateng, dokter Bekti ngomong seru girange, seru mongkoge.
"Kadhung hang sing duwe hang ndhemeni kesenian lan budhayane, aju kudu ngongkon sapa hang kudu ndhemeni seni lan budhaya Banyuwangi.Tekad iku mula umum. Taping sing kabeh uwong iku dhemen ring kesenian lan budhayane dhewek kaya warga Banyuwangi. Isun lair lan gedhi ring Lateng pareke Pak Andi Soeroso Orkes Mutiara. Isun ring Inggris kene njuwut program S-3 Kedokteran. Salam kanggo dulur-dulur Bani Ali bin H.Abdul Karim," abane dr. Bekti hang sakat kuliyah sampek umah-umah netep ring Malang.
"Taping hang aran umah kaya gerdhu. Kerep Sun tinggal. Tau Sun tinggal ring Jepang kanggo njuwut S2 kedokteran pisan. Aju mulang ring akeh negara dadi dosen terbang. Ya gedigu iku uripisun," jare Bekti hang bengen magih TK dhemen njuget Jaranan Buta iku.
Tim Banyuwangi ana 12 siswa tampil tanggal 6 lan 8 Nopember, nampilaken Tari Jakripah, Rodad Syiiran, Kembang Menur, Jaran Goyang lan Tari Punjari.
Iwuh hang digelar saben taun teka KBRI London minangka wadhah promosi Indonesia hang nduduhaken produk UMKM, kuliner, potensi ekonomi, lan seni budhaya. Uga bisa dadi wadhah potensi kerja sama Indonesia-Inggris ring sektor pariwisata, investasi, lan perdagangan.
Merga apike, Duta Besar ring Inggris-Desra- Percaya, malah njaluk penganggo lan gamelane kelebu gong lan kendhange ditinggal ring kana sakmarine tampil, makene bisa dimanpaataken wong-wong hang kepingin weruh Banyuwangi.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







