Tim Patrol, Kuntulan Kesaring Nuju Pinal
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 31 Maret 2023 07:33 WIB)
- Laporan
LimangTim Kuntulan lan sepuluh Tim Patrol Kesaring melebu pinal ring Festival Islami 2023 Kabupaten Banyuwangi.
Kanggo ngisi kegiyatan kesenian ring ulan puwasa, Pemkab. Banyuwangi nganakaken Festival Islami kelawan mbukak lomba Kuntulan lan Patrol. “Merga kegiyatan masarakat arupa seni patrol iku anane mung ring ulan puwasa. Kanggo nambahi geregete suwasana, dijejer ambi lomba seni kuntulan. Kabeh uwong uwis ngarteni kadhung kesenian kuntulan iku duwene masarakat Banyuwangi,” abane Bupati Ipuk Fiestiyandani direwangi Kadisbudpar, MY Bramuda nalika nguweni gambaran masalah Festival Banyuwangi Tahun 2023 pirangane dina kepungkur ring aula Jagapati Pemkab. Banyuwangi.
Kanggo mujudaken paran hang dikarepaken Bupati Ipuk, Disbudpar aju nggawe reng-rengan peraturan kanggo milu Festival Islami hang pesertane ngewakili kecamatane dhewek-dhewek. Kanggo Lomba Patrol, sak tim diwatesi 15 uwong uwis kelebu hang tukang nyanyi. Alat hang dienggo ngiringi kudu digawe teka jajang. Sakat teka therothok, gong, dhundhung, tempal hang arane uluk-uluk utawa gawan lan pethit. Gendhinge dibebasaken. Hang penting gendhing Banyuwangen hang ana ajakan apik. “Saire ulih nggawe dhewek. Taping kudu diduduhaken sulung ning DKB lan Disbudpar. Kuwatir nawi ana muatan SARA. Aran kuwatir iku mesthi ana. Paran maning taun ngarep uwis kelebu taun politik. Nawi ana hang manpaataken kanggo kampanye,” abane Kadisbudpar, Bramuda.
Ngenengi masalah Lomba Kuntulan, saben Tim diwatesi 12 uwong panjak lan hang rodad paling akeh 9 uwong. Ulih wadon thok utawa lanang thok. Sing ulih campuran lanang lan wadon. Tabuhane sing ulih kecampuran saron, kendhang, gong, keyboard, pianika lan insterumen tradhisional liyane. Taping peserta ulih nggawa suling jajang, ulih uga nggawa bahola.
“Iki Lomba Kuntulan. Dudu Kundaran. Dadi rodade ya kudu kaya jaman bengen, sing ulih kaya jugedan dhaerah. Contone kegolane disawang mari-mari nggudha. Bengen iku isine sholawatan. Paling pol nggawa lagu-lagu Nasional kayadene Garuda Pancasila, Maju Tak Gentar, ana seliwahan, jurus pencak lan baris-berbaris. Iku kudu diuripi maning,” abane Seniman hang puluhan taun nangani Kuntulan, Suparto Hadi asal Mangir.
Tanggal 25 Maret kepungkur, wates peserta ngirimaken pideone Kuntulan lan Patrol. Selawe kecamatan hang ana ring Banyuwangi, sing kabeh ngirim lengkap Kuntulan lan Patrol. Ana hang kirim pideone kuntulan thok, ana hang kirim pideone patrol thok. Ana uga hang kirim karo-karone. Dewan Juri hang akehe 9, dina Senin (27/3) bengi kepungkur nganakaken penyaringan. Teka 16 Tim Kuntulan lan 16 Tim Patrol uwis kesaring dadi 5 Tim Kuntulan teka Kecamatan Glagah, Bangorejo, Singojuruh, Kalipuro lan Banyuwangi. 10 Tim Patrol teka Kecamatan Banyuwangi, Blimbingsari, Cluring, Giri, Glagah, Muncar, Rogojampi, Singojuruh, Songgon lan Kecamatan Srono, kudu tampil ring babak pinal tanggal 5 April 2023 ring latare Stadion Diponegoro Banyuwangi.
“Tim Kuntulan mung tampil ring panggung. Sing kathik kirab. Taping kadhung patrol, mari tampil ring panggung, kudu keliling kampung. Arane bain patrol. Ya kudu patrol. Hang diliwati Tim Patrol engko iku yaiku limang Tim ngeliwati Jl. Jagung Soeprapto ngetan, melebu ring dalan Candi Sewu, tembus ngetan melebu ring Gang Buntu elore Roxy. Sampek gadug perapatan elore Pondok Darunajah biluk ngiwa ngeliwati Jl. KH.Harun, tembus Jl.KH.Asyari, gadug dalan Imam Bonjol lan nuju Jl. Dr. Soetomo biluk nengen lan pungkas ring ngarepe PT. Pos Indonesia utawa nong kidule Gesibu Belambangan. Jalur loro, teka ngarepe setadhiyon melaku ngetan aju biluk ngiwa meripit ring dalan wetane tembok setadhiyon melaku ngalor aju biluk nengen melebu dalan Bengawan biluk ngiwa sampek gadug pertelon dalan Serayu biluk nengen. Tim melaku ngetan sampek nyaberangi Jl. PB.Soedirman melebu ring Jl. Datuk Malik Ibrahim terus ngetan sampek gadug pertelon biluk ngidul gadug Jl. Dr.Soetomo biluk ngetan sampek pungkas ring ngarepe PT. Pos Indonesia,” abane Koordinator Juri, Subari Sofyan hang uga nyampekaken kadhung ring sedawane dalan hang diliwati Tim Patrol iku ana juri hang mbiji.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







