TNG Nggelar Acara Kanggo Buruh Migran ring Hongkong
Tirto Arum (dipublikasikan pada Kamis, 16 Juni 2022 09:30 WIB)
- Laporan

Dina Minggu tanggal 12 Juni sore TNG wallet nggelar iwuh gedhi hang nduweni judhul Konser Sang Juara BMI Hongkong hang manggon ring gedhung TNG ring wilayah Fortress Hill Hongkong lantai rong puluh hang bisa nampung satus uwong. Acarane iki malah digawe virtual lan bisa dideleng ring pirangane negara: Hongkong, Indonesia, Philipina, Singapura, Jepang, Nepal, Vietnam, Cina, Malaysia, Canada, Australia. TNG wallet remitance iki setemene aplikasi hang bisa dienggo ngirim picis, diedegaken taun 2015 lan saiki nduwe kira-kira 600 ewu nasabah. Sarate mung nganggo KTP Hongkong, paspor, kontrak kerja hang magih berlaku. Jasa iki bisa dienggo ngirim picis hang ana ring Hongkong utawa nang negara manca langsung nong rekening bank. Sedurunge transfer bisa top-up sulung nong jaringan tokok kayata Circle K, 7-Eleven, Coin Cart, Internet banking, Jetco-ATM, lan Coin Dragon.
Konser Sang Juara BMI Hongkong iki diramekaken penyanyi-penyanyi hang duwe suwara emas, tari jaipong, lan grup jaranan Ijone Indonesia. Dene penulis dhewek makili Paguyuban Sri Tanjung Banyuwangi hang nduwe paguyuban seni gandrung lan jaranan. Sri Tanjung dikongkon panitiyane ngiringi dadi penari latar mburi ring telung gendhing Jawa yaiku Sotya minangka gendhing pembuka, Rembulan ing Wengi ring segmen kepindho lan pungkasan gendhing Ingsun. Hing sepisane tau mbayangaken isun bisa milu tampil ring panggung konser Sang Juara hang bisa dideleng kelawan cara virtual ring pirangane negara. Isun ngerasa mongkog masiya dudu penari profesional taping bisa ngiringi gendhing hang dinyanyekaken bidhuwan ayu hang suwarane rangin seru.
Alhamdulillah pageblug omicron wis rada suda lan ekonomi Hongkong mangkat mberejag, restoran lan pasar mangkat urip normal. Kegiyatan ring lapangan Victoria Park uga mangkat katon masiya magih diwatesi ulih kumpul maksimal wong papat. Paguyuban Sri Tanjung Hongkong minangka pegiyat seni gandrung lan jaranan hang megawe bareng ambi paguyuban Tresno Wiro Budoyo Hongkong wis mangkat ulih undhangan ngisi acara nong njero ruangan lan njaba ruangan kayata ulang tahun organisasi.
Naming kabeh iku kudu diakoni hing bisa melaku kadhung hing ana bantuwane wong-wong mburi hang nyokong teka umah. Kene iku dudu sapa-sapa merga paguyuban Sri Tanjung iki mung buruh migran hang kepingin milu nduwe kereyasi ring donya iki lan geningaken bain kelendi seleksi alam ngelakokaken tangane. Hang penting kene iki tetep berjuwang, nggawe kereyasi sak kuwate kemampuwane awak dhewek. Tetepa dadi lintang ring langit hang endah naming tetep andhap asor.
Cheung Sha wan, 16-6-2022
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Tirto Arum, foto penari latar
Editor: Hani Z. Noor