Tokoh RKPD Ngumpul Kepingin Ana Mampaate

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 27 September 2022 07:42 WIB)
- Laporan



Paran iku RKPD? Bengen durung ana medsos, tilpun bain magih arang-arang wong duwe, kadhung wong Banyuwangi kepingin weruh warta ngenani Banyuwangi, ngerungokaken gendhing-gendhing Banyuwangi lan sandhiwara basa Using, salah sijine wajib ngerungokaken Radio Khusus Pemerintah Daerah.
   Sore iku wong-wong hang milu cawe-cawe ring RKPD bengen nggawe Kerukunan RKPD Legend hang ditetepaken ngadege tanggal 11 Mei 2022. Aju mbukak grup WA lan nganakaken kumpul-kumpul saben ulan sepisan.
   Ketepakan ulan iki manggon ring umahe Mbok Hj.Uun Hariyati, ngiras-irus jiarah umroh kerana Mbok Hj. Uun buru teka umroh. Kerukunan RKPD Legend iku diketuai Kang  Untung Sucipto hang aran udarane nalika siaran bengen nganggo aran Cipto Abadi. Sekretaris Syam Iriyanto lan Bendahara Kang Dariharto. 
"RKPD minangka radhiyone pemerintah, Radio Khusus Pemerinrah Daerah Kab.Banyuwangi, mangkat siaran tahun 1968 ring jero lingkungan Pendhapa Sabha Swagata Blambangan. Acarane ngerakyat. Ngewadhahi kabeh agama. Ngewadhahi kabeh budaya.  Segmene sakat lare cilik-cilik sampek uwong tuwek-tuwek," jare Kang Cipto Abadi.
    Sawentara iku Mbok Hj.Uun hang uga kesebut sastrawati Using hang buku ceritane nduweni judhul 'Kik Lis Bajul' iku nyampekaken, kadhung uwis kumpul rasane kaya mbalik ring tahun 70-an.
"Isun kesuwun ning Rika kabeh, gelem nyempataken wektune bisa teka ring umahisun iki. Isun pesen ning dulur-dulur enom, duweya niyat umroh lan kadhung nutut ya menyang haji. Timbangane menyang ning luar negeri hang sing ana nilai ibadahe. Kadhung uwis ring kana, kaya emong mulih. Balik ning masalah kumpul-kumpul dina iki, Alhamdulillah Rika lan Isun magih diweni dawa umur lan sehat. Perkara urusan peraenan, kulit mblekethut kabeh lan lakune uwis tetak-tetak maning, iku kodrat wis. Balik lare maning. Masiya gedigu, pumpung magih ana karine umur ayo diakehi ngelumpukaken sangu kanggo ngadhep ring Pengeran!"  ajake Mbok Hj.Uun mungkasi omongane.
   Kahanan aju uwah dadi rame gemuyu cekakakan nalikane Kang Ujik diweni wektu kanggo nyampekaken kesan lan pesane. Iyane ngewakili kanca sak angkatane yaiku Mas Lucky, Mbak Wiwin, Mbak Santi nyampeken nalika taun 1992 nyiaraken berita kematian, sing weruha hang diumumaken mati, teka ning setudhiyo RKPD Jl. Ikan Cakalang 3 Kepatihan Kampung Ujung ambi nggawa arit sak perlu arep ngerit gulune Kang Ujik. "Lah....kala semono Isun duwe bukti kuwat. Surat hang Sun waca ana tandhatangane Ketua Rt lan diweruhi Lurah kelawan ditandhatangani lan ana setempele," jare Kang Ujik.
   Serta gesah-gesah dawa ambi guyon-guyon, uwong hang ngamuk-ngamuk iku ngakoni gok hang ngirim berita kematian iku uwong lanang hang rabine direbut. Arep ngelawan sing wani merga iyane buruh ning umahe uwong hang ngamuk-ngamuk mau.
   Penyiar senior kayadene Mbah Rundi, Mbah Ririn Aris, Mbah Titik Hadi, Mbah Liluk Nayaka, Mbah Syam Iriyanto lan Mbah Dariharto ngarep-arep Kerukunan RKPD Legend duweni rencana hang apik kanggo uwong akeh. Sing mung kumpul-kumpul.
"Makene ana mampaate!" Abane Mbah Tutik mungkasi ketemuan.

(Laporane Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor