Unjuk Gelar Drumband ring Dina Danine TK Aisyiah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 25 Maret 2022 09:22 WIB)
- Laporan



Ater-ater: kanggo mengeti dina danine TK Aisyiah, murid-muride nggelar drumband, kaya dilaporaken Pengawas SD Kecamatan Banyuwangu Mbok Nani Asiany MS.

 Dikawiti barisan drumband, kepala sekolah, murid- murid lan guru- guru TK Aisyiyah Bustanul Atfal I Banyuwangi kang aran “Bahana Tunas Aisyiyah” padha kirab ngubengi sekolahan kang ana ring mburine Mesjid gedhe KH A. Dahlan. Masiya magih lungguh ring bangku TK, barisan lare-lare kang didhampingi loro pelatih iku katon tertib. Maninga grup drumband iki menang juara I Unjuk Gelar, juara II kanggo Mayoret, lan juara III kanggo Mayoret sijine lan gitapati nong kejuaraan Drumband Sak Kabupaten Banyuwangi ring tahun 2021 sore. Ana kira-kira lare pitung puluhan kang milu kirab ambi sebagiyan lare nyekel bendera kang diunyeng-unyengaken.  Nong mburine barisan drumband, murid- murid liyane baris ngetutaken ambi nyekel bendera cilik, dituntun guru- guru kelase.   Mula jam enem isuk iku lare-lare kirab cukup bareng guru- gurune thok.  Wali murid dipenging ngetutaken anak-anake. Mangkane barisan dadi apik merga sing kathik dirusuhi wong tuweke.

Acara kirab iki dianakaken merga ring dina iku, Sabtu tanggal 12 Maret 2022 TK ABA Aisyiyah I Banyuwangi mengeti acara Puncak Milad TK Aisyiyah kang kaping 62, kang sakdurunge wis dianakaken pirangane acara kanggo ngeramekaken. Kaya lomba mindhahaken tembung nganggo paralon. Lomba iki dipiloni sakliyane murid-murid, guru-gurune uga milu. Aju lomba melayu taping ditambahi alangan- alangan kang nambah geregete lomba. Ana maning kang lebih gereget maning yaiku acara nong panggonan ngelencer Akbar Zoo. Ning kono lare-lare sing mung ngelencer gedigu thok taping uga diejak bareng-bareng nandur wit setroberi.

Mari kirab ngubengi sekitar sekolahan, murid-murid kang akehe 155 lare iku aju lungguh bareng-bareng gurune kang jumlahe 16 iku ning kelasa kang wis digelar ring pelatarane sekolah. Ning kono padha sarapan, sakteruse diweni tontonan video asile acara lomba-lomba lan kegiyatan liyane kang ana kaitane ambi milad TK.  Kadhung wis muncul gambare kancane, lare-lare rame nuding ambi nyebut aran kancane kang muncul nong layar. Lare-lare seneng, girang, gurune semono uga. Motto TK Aisyiyah I Banyuwangi “generasi sehat, ceria, dan berakhlak mulia” bener-bener diwujudaken. Iki selaras ambi Visi TK Aisyiyah I Banyuwangi kang ndadekaken TK Aisyiyah I Banyuwangi minangka panggonan sinau kang paling apik kanggo lare muslim. 

Acara Puncak Milad dimulai, dikawiti maca ayat-ayat suci AlQuran lan alih basane. Kang maca lan narjamah dudu gurune taping muride. Maca AlQuran surat Al Maa’uun wis sing kathik nganggo teks maning taping apalan kejaba tarjamahe. “Lare-lare wis apal, Bu” jare Bu Dra. Endang Sri Hartati kepala TK Aisyiyah I Banyuwangi nyang penulis. Serta maca AlQuran mari, acara diterusaken Dakwah kang saiki kesuwur istilah Pildacil. Ambi rasa manteb, sang pendakwah nyampekaken nong arep kanca-kancane, tanpa gemeter lan gerogi. “Lare kang tampil iki mula disiyapaken kanggo pildacil husus murid- murid TK Aisyiyah sak Kabupaten Banyuwangi”, kepala TK njelasaken lan njaluk do’ane muga-muga bisuk tampil apik nong acara lombane.

Kang paling dianteni murid- murid nong acara Milad kaping 62 iku dongenge Kak Ari teka Kampung Dongeng Banyuwangi. Kerana TK Aisyiyah I duwe kerjasama ambi Yayasan Yatim Mandiri, mangka pas acara Milad disuguhaken acara Ndongeng, diisi Kak Ari kang wis kesuwur nong Banyuwangi. Sing kerasa mara-mara dongenge mari, acarane ditutup ambi ngedumaken hadhiyah kanggo pemenang- pemenang lomba. Padha ambi acara- acara sakdurunge, ngedumaken hadhiyah lomba, uga ditunggu. Kabeh seneng lan kabeh girang.                                                                                

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor