Ustad Ghofar: Muludan Kanggo Nuladhani Kanjeng Nabi Muhammad SAW
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 16 Oktober 2022 08:46 WIB)
- Laporan
Kembang endhog lan Muludan iku ngemu pituduh kanggo nuladhani uripe Kanjeng Nabi Muhammad SAW, jare Ustad Abdul Ghofar ring iwuh Muludan hang dianakaken Ikawangi Korwil Tangerang Selatan hang dipimpin mbok Titin Iriani dina Sabtu sore.
Aju Muludan dhasare paran? Jare Ustad Ghofar, salah siji hadise, Kanjeng Nabi iku puwasa saben dina Senin. Tepak ditakoni apuwa, jawabe merga mengeti dina laire kelawan cara puwasa.
Dene wong Banyuwangi tepak Muludan, nampilaken endhog-endhogan, paran sebabe? Makene kaya endhog, uripe ana telung lapis: kulite, putihe ambi kuninge. Kulite alus, kelakuwane apik, atine apik. Aju ana kembange. "Berbunga-bunga merga seneng nang dina laire Kanjeng Nabi Muhammad."
Iwuh Muludan ring antarane diaspora
Banyuwangi wis kaya mindhahaken cara Muludan teka kampung kelairan. Sore iku ring Gedung Diklat Departemen Agama Ciputat hing kelalen ana 800 kembang endhog lan 80 ancak dienggo kembulan.
Ditekani dulur-dulur teka Ikawangi Pusat, korwil sak Jakarta Pusat, Utara, Selatan lan Timur, uga Bekasi, Depok, Bogor, Tangerang Raya lan Kapursuci, uga teka pokmas Gowes lan Magenta, lan ana pisan dhayoh ketua Korwil Sumatera Selatan ISG kang Suroso.
Jare Ustad Ghofar, Nabi Muhammad arane digandheng langsung ambi arane Pengeran ring kalimah sahadat. Malah ring solat hang minangka hubungan langsung ambi Pengeran dadi hing sah kadhung hing nyebut arane Nabi Muhammaf.
Atine Nabi Muhammad iku lembut. Mung atase urip nong padhang pasir belaka, hing nganggo sokongan picis milyaran, hing disokong pejabat penting, saiki Islam ngerambah sak donya. "Sakumpama ngamukan, hing bakal ana wong hang melebu Islam."
Contone, ana wong Yahudi picek ring pojokan kutha Medinah. Saben dina didulang Nabi Muhammad kelawan lembut. Taping cangkeme sing ana mandhege celathu lan ngerasani wong hang aran Muhammad. Iyane sing weruh kadhung Kanjeng Nabi ana ring ngarepe lan ndulang iyane. Sak mareke Nabi Muhammad sampek umur, hang ndulang diganti sahabat Abubakar Assidik. Wong hang picek iki mau kerasa, carane ndulang iki beda, rada kasar. Sakkal iyane takon nong endi wong hang biyasahe. Serta diwarahi gok Nabi Muhammad hang biyasah ndulang iyane wis sampek umur, iyane kerasa kaya tempiling. Saben dina iyane nyelathoni Nabi Muhammad taping wonge sing ngamuk, sing muntab lan tetep ndulang iyane kelawan cara hang alus lan lembut.
Ring riwayat liya, Nabi Nuh donga nyang Pengeran kanggo numpes wong-wong hang wis mitenah, nyelathu lan moyoki iyane. Pengeran aju ngirim belabur gedhe hang nggawe kabeh wong kesilep zaliyane hang milu nong kapale. Dene Nabi Muhammad ring Taif masiya dipitenah, dicelathu, dipoyoki lan tepak solat diserewat taine unta taping dongane nong Alloh supaya wong-wong mau iku diwani pituduh lan hidayah merga wong-wong iku mau hing ngarti gok Kanjeng Nabi iku utusane Pengeran. Kadhung wong tuweke durung nduwe iman, nawi anak putune mbesuk hang nduwe iman.
Ustad Ghofar, Pengasuh Pondok Pesantren Salafiyah Putri Rogojampi sakat cilik urip ring kalangan pondhok. Kakike, KH Zainudin, salah siji ulama hang kesuwur ring Rogojampi. Kiyai Zainudin asale teka Banten, mangkane akeh ditekani wong kanggo sinau ilmu agama, ana uga hang golet ilmu hikmah kayata kanggo ngelawan sihir. Dhuwure ilmu kakike mau kayane nurun nong putune yaiku Abdul Ghofar. Kadhung wong-wong desa Banyuwangi nyeluke Pak Gopar.
Ceramahe basa Usingan, has Pak Gopar, akeh guyonane hang nong kuping ngelik-elik, nong weteng nggawe kaku kakehan gemuyu, serang mbenune gok ndongeng paran bain hang dadi kembangan ceramahe.
Dina Minggu saiki iki, iyane diundang ring Ikawangi Korwil Depok uga kanggo Muludan. Dina Senine, miber ngetan langsung nong Denpasar merga diundang ceramah ring Bali.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







