Wayang Using Arep Pentas Maning ring Jakarta

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 Agustus 2024 08:00 WIB)
- Laporan



Wayang Using arep munggah genjot maning ulan September engko ring Graha Bhakti Budaya, Taman Ismail Marzuki Jakarta.
   "Muga-muga dulur-dulur Ikawangi hang sing kober ndeleng tepak acara gelaran Wayang Using hang kawitan ring Kemayoran Jakarta, bisa ana wektu dienggo gelaran engkisuk," jare Dhalang Ilham. Tepak ditanggap kanggo Rakernas Gibran Center sore tanggal 27 Juli, wong-wong diaspora Ikawangi padha akeh hang sing bisa merga kebarengan ambi iwuh mengeti dina dadine Ikawangi Korwil Tangerang Selatan hang dianakaken ring Puncak.
   Hang arep digelar kesuk ring TIM iki uga ditanggap Gibran Center, arep ngisi Donasi & Pekan Raya 11 Dasa Ismail Marzuki, kanggo ngurmati ruwahe, tanggal 24-28 September. Wayang Using ulih giliran tanggal 24 September.
   Ismail Marzuki iki salah siji pahlawan nasional hang lair ring Batavia tanggal 11 Mei 1911, artine wis 110 taun, 11 dasawarsa.
   Durung ditamtoaken cerita hang dipilih paran, jare Dalang Ilham.
   Sabene Dhalang Ilham nggawa rombongan 17 wiyaga kelebu 4 sindhen, 11 wiyaga, 1 dhalang lan 1 bagiyan perlengkapan.
   Musike lengkap teka angklung, kuntulan, kendhang kempul, sampek gandrungan. Dhalang Ilham setemene wis parek ambi Ikawangi merga iyane hang nggawe gendhinge kanggo lagu mars Nggendhong Indhit Ikawangi hang lirike ditulis ring Kang Aang. Gendhing iki saiki wis kaya lagu wajib hang dinyanyekaken saben-saben ana acara Ikawangi
    Pentas grup Wayang Using Banyuwangi pimpinane Dhalang Ilham iki sakat taun 2013 tepak dina dadine Banyuwangi.
   Biyasahe diundang kanggo ruwatan, taping saiki wong duwe gawe kadhangane ya ngundang wayang Using.
    Ring saben dinane Dhalang Ilham iki petani sere lan pengusaha dodol sere dikirim nang Jakarta lan sak ubengane.
   Wayang Using hing terima wayang nganggo basa Using, taping nganggo cerita-cerita hang pakem ceritane has Belambangan. Wayang Using pimpinane Dhalang Ilham wis nduwe pirangane pakem cerita, kayata Menak Jingga, Menak Sembuyu, Tawang Alun, Jagapati, lan Sayu Wiwit. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor