Wayang Using Pentas Kawitan ring Jakarta

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Juli 2024 08:06 WIB)
- Laporan



Wayang Using arep munggah genjot ring Jakarta, jare Dhalang Using Ilham Laili Mursidi teka Songgon. "Iki pentas hang kawitan ring Jakarta."
   Dhalang lham nggawa rombongan 17 uwong kelebu 4 sindhen, 11 wiyaga, 1 dhalang lan 1 bagiyan perlengkapan.
   "Lengkap musike ana angklung, kuntulan, kendhang kempul, gandrungan. Setemene bisa pisan nyumbang gendhing-gendhing kanggo dulur-dulur Ikawangi hang ana ring Jakarta," jare dhalang hang ngaransemen lagu "Nggendhong Indhit Ikawangi" iki. Gendhing hang lirike ditulis Kang Aang iki saiki wis kaya lagu wajib kanggone paguyuban diaspora Banyuwangi hang ana ring Jabodetabek, dinyanyekaken saben Ikawangi nggelar acara.
     Wayang Using Banyuwangi ditanggap ring Jakarta ngisi acara ring Rakernas Gibran Center. Rakernase tanggal 26-28 Juli ring Kemayoran. Dene Wayang Using ulih jadwal munggah genjot tanggal 27 Juli jam 21.00 sampek sak mareke. Biyasahe pentas Wayang Using bisa sampek 5-6 jam.
   Judhul hang dipilih yaiku "Satriya Piningit Wayahe Metu", miloni penjalukane hang ngundang, jare Kang Ilham. Gelarane kayane kanggo umum sapa bain bisa teka, hing nganggo karcis.
   Pentas grup Wayang Using Banyuwangi pimpinane Dhalang Ilham iki ngadeg sakat taun 2013 tepak dina dadine Banyuwangi.
   Biyasahe diundang kanggo ruwatan, taping saiki wong duwe gawe kadhangane ya ngundang wayang Using.
   Sakweruhe Dhalang Ilham, ring acara iku hing ana tampilan wayang teka dhaerah liya.
   "Nawi merga unik, siji-sijine wayang Using hang ana ring donya iki," jare Kang Ilham. Ring saben dinane dhalang Ilham iki petani sere lan pengusaha dodol sere dikirim nang Jakarta lan sak ubengane.
   Wayang Using hing terima wayang nganggo basa Using, taping nganggo cerita-cerita hang pakem ceritane has Belambangan.  Wayang Using pimpinane Dhalang Ilham wis nduwe pirangane pakem cerita, kayata Menak Jingga, Menak Sembuyu, Tawang Alun, Jagapati, lan Sayu Wiwit. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor