Welas, Gendhing Using Anyar Kanggo Lalare Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Maret 2024 10:04 WIB)
- Laporan



Siji maning gendhing Using kanggo lalare Banyuwangi dipeleciraken dina iki ring youtube  ring channel TV Bain.
    Gendhing iki minangka gendhing Using kanggo lalare kang kaping pitu hang diproduksi ring Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan.
    Sedurunge wis ana gendhing: Enake, Ajar Ngitung, Woh-wohan, Sekolah, Layangan lan Pari.
    Seperene hing akeh lagu anak basa Using hang dicipta husus kanggo kebutuhan lalare ring kelas TK/SD-awal.
   Dikarepaken bisa nggarahi rumange donya lalare Banyuwangi.
   Iki isine gendhinge, hang bisa diklik langsung ring kene:

https://youtu.be/yvVYIxV3qMc?si=oo2Pvp51kaKPkQFvELAS

Welas, ngajari lalare kanggo niteni kewan-kewan. Naming kaya biyasahe gendhing kanggo lare hing mung sukur enak lagune, taping tetep kudu ana ajaran apik hang bisa dadi weluri.

Welas

Kewan iku akeh maceme
Ana hang bisa miber
bisa melayu anter
awake bisa melingker
Ana endhoge bunder

Hang gulune dawa
arane banyak
Hang buntute dawa
arane merak
Hang kupinge dawa
arane terwelu
Hang sikile akeh
kelabang sewu

Ayo kanca- kanca
Welas nang kewan
Welas uga nang kanca

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor