Wong Banyuwangi Pemasok Unggul Produk Tetanen ring Nabire Papua
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 31 Januari 2023 09:03 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Nabire ring Papua mangkat nduduhaken keahliane minangka petani hang unggul lan nggawa mampaat kanggo dhaerah anyare. Dina Minggu sore (28/1), Ikawangi Nabire nggelar produk agrowisata kelawan tema: Ikawangi Turut Membangun Kabupaten Nabire menuju Kemandirian Pangan untuk Nabire Hebat.
Sakliyane kanggo wadhah Temu Kangen, acara utamane yaiku nggelar lan dodolan asil bumi hang ditandur wong-wong Ikawangi nong kana. Pirangane macem janganan kayata terong, sawen, kacang lanjaran, timun, kangkung, lobok litik, lobok jawa, tomat lan pare. Dene buah ana semangka, buah naga, nanas, jambu kristal, jambu air lan melon.
Iwuh iku ditekani wakil bupati, Ketua DPRD, Kapolres lan Dandim 1705 uga kepala dinas Pertanian, kepala dinas Tenaga Kerja, kepala dinas Pariwisata, kepala suku, tokoh agama lan ketua kerukunan lan kira-kira ana wong liyane hang jumlahe sampek 500-an uwong. Jare Sekretaris Ikawangi Nabire, Kang Sugiyono, warga lokal ya milu teka ring iwuh iku.
Ketua panitiyane, Kang Paniren, ngomong gok Ikawangi Nabire hang 70 persen wargane wong tani bisa njawab penjalukan pasar kanggo produk tetanen kanggo Nabire lan kabupaten tangga.
Akeh-akehe wong tanine teka warga SP 1 kampung Bumi Raya, hang uga ana dusun Banyuwangi. Kabeh hang manggon ring kono lan ngolah lemahe iku wong-wong asal Banyuwangi. Uga ana wong teka Kampung Bendungan 3/4 Banyuwangi, distrik Nabire Barat, Nabire, Papua Tengah.
Ring dhaerah 3/4 hang kesuwur dadi Kampung Banyuwangi ana kira-kira 40 Kepala Keluarga lan ring Ranting SP 1 ana 200 KK, emeh kabeh dadi wong tani.
Kahanan geografis kabupaten Nabire mula emeh kaya Banyuwangi, ana gununge, ana lemah ratane lan ana pesisire. Saiki mula dadi dhaerah hang ngasilaken produk tetanen ring propinsi Papua Tengah lan Papua Barat. Sakliyane kanggo butuhe wong Nabire, asil tanine uga kanggo kabupaten Paniai, kabupaten Deyai, kabupaten Dogiai, kabupaten Intan Jaya, kabupaten Puncak Jaya, kabupaten Wasior (Teluk Wondama Papua Barat) lan kabupaten Waropen.
Malah jare Kang Sugiyono sebagiyan masiya sithik kanggo Seri ambi Biak, merga ngandhalaken kapal laut seminggu sepisan.
Dhaerah hang ditanduri rambanan antarane yaiku distrik Wanggar, (kampung, Yaro 1 lan Yaro 2, Wamora, Tanah Merah, Wanggar, Kara Diri 2). Distrik Nabire Barat (Kampung SPC Bumi Mulia, SP 1 Kali Bumi, SP 2 Kali Semen). Distrik Makimi (Legari 1, Legari 2 lan Legari 3)
Kadhung Ikawangi Nabire setemene buru bain dilantik tanggal 11 Desember 2021. Kira-kira ana 800 KK hang 70 persen wong tani lan rata-rata teka Pesanggaran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







