Wong Tuwek Sinau Donya Digital ring Lansia Tular Nalar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 Desember 2022 05:09 WIB)
- Laporan
Majune teknologi hing kurang nggawa pisan pengaruh apik lan eleke. Kaya medhiya sosial iki, sakliyane informasi tambah cepet, uga ana bagiyan eleke arupa hoaks, inpormasi hang ngapusi lan jala sutra, paran maning ngadhepi taun politik sakuwise pageblug hang disusul percepatan digitalisasi. Wong-wong tuwek (lanjut usia) kudu disangoni hang aran "literasi digital."
Masyarakat Anti Fitnah Indonesia (Mafindo) lan Setnas Pusat Jaringan Radio Komunitas Indonesia (JRKI) nganakaken iwuh bareng sakperlu ndadekaken masarakat hang kuwat, wicaksana lan sehat ngeleboni donya maya.
Ring taun 2022-2023, kelawan nggandheng radhiyo komunitas sak nusantara dianakaken Sekolah Kebangsaan (SK) kanggo pemilih kawitan lan Akademi Digital Lansia (ADL) kanggo wong-wong tuwek makene paham donya maya. Kegiyatane ring Banyuwangi digarap ring Jaringan Radio Komunitas Broadcast Banyuwangi (JRKBB) liwat rong tahapan. Kegiyatan kawitan tepak Indonesia mengeti hari Ibu, 22 Desember 2022 dianakaken ring Kedai Jurdil & Makmoer hang duwe Studio Podcast Gotong-royong'45. Hang teka ana 45 wong teka pirangane Paguyuban, antarane yaiku Perwakilan Abiyoso Gerontologi, PWRI, LVRI, Pepabri, Posyandu Lansia uga seniman pelaku adat tradhisi. Hang nomer loro arep ngundang paguyuban pans radio anggota JRKBB, Posyandu Lansia, tokoh lintas agama lan masarakat. Rencanane hang tahap keloro arep dianakaken ring Radio Komunitas Bisma FM Gambiran dina Minggu 15 Januari 2023, sekaliyan mengeti 18 taun JRKBB ring Banyuwangi.
Donya digital iku wis mesthi teka, siyap tah sing arep nggadug ring donyane kene. Jamane medhiya cetak, radhiyo lan sedhilut maning tipi arep ditinggal merga wong hang saiki akeh pindhah nang gawai. Kahanan iki mesthi bain ana pengaruhe nang karakter keluwarga lan jatidiri bangsa. Mangkane perlu dijaga-jaga kelawan nyugihi literasi lan pinter digital.
Lokakarya dikawiti wacanan Gema Wahyu Ilahi, Lagu Kebangsaan Indonesia Raya lan gendhing Umbul-umbul Blambangan iki uga diselingi maca puisi Ibu Malaikatku lan donga Kebangsaan nganggo basa Using.
Ketua JRKBB, Hadi Purwanto ngomong, kelendi-kelendiya awak dhewek kudu nduwe pengetahuan kanggo sangu makene selamet teka belahine donya maya.
Humas Setnas JRKI, Indah Catur Cahyaningtyas ngarepaken lare difabel loro hang dadi peserta dikarepaken bisa dadi tutor tepak komunitas Aura Lentera mengeti Hari Disabilitas International ring Pantai Cacalan tanggal 26 Desember 2022.
Plt.Kepala Bakesbangpol, M.Lutfi, S.Sos, M.Si ring sambutane ngomong tugas kantore iku kelebu nguwataken ideologi Pancasila, pemberdayaan ormas lan pers uga merujukaken rasa waspada ring radikalisme hang nggawe bebaya ring ketahanan negara. Bakesbangpol nduweni agenda yaiku Festival Kebangsaan bareng Forum Pembauran Kebangsaan, mangkane iwuh Tular Nalar sak dalan ambi niyatan ngerangkul kabeh kanggo kesatuan bangsa.
Fasilitator ring iwuh iku Yeti Chotimah, M.Pd. kelawan ngutip Ki Hajar Dewantoro gok saben menungsa iku kudune sinau sak lawase urip. Masiya wis dadi embah, hang milu iwuh iki kudu paham perkembangan jaman.
(Bung Aguk)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







