Wongsorejo Milu Njuged Gandrung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Oktober 2022 08:43 WIB)
- Laporan



Rumah Budaya Nusantara (RBN) Sanggar Seni Wongso Arum Kec.Wongsorejo mengeti dina dadine hang kaping 18 taun 2022 iki, kelawan kegiyatan lomba njuged Gandrung Gurit Mangir ring RTH Bajulmati. Hang milu ana 46 kelompok lan perorangan kanggo kategori pelajar MI lan SD. Pimpinan Sanggar Wongso Arum, Riyadi, S.Pd nyampekaken, sasaran dianakaken lomba iku kanggo ngenalaken lare-lare hang asale teka keluwarga Medura.
"Alhamdulillah pesertane lumayan lan kuwalitase uga apik-apik. Sak liyane iku, sing kalah pentinge, yaiku para pedhagang hang  biyasah mangkal ring RTH Bajulmati rumangsa ulih tambahan bathi sak arat-arat. Pedhagange kabeh sun silihi seragam Jebeng Thulik. Dhemen uwong-uwong. Sampek ana hang ngomong, seragam iki diihlasaken tah? Ha,ha,ha!" abane ASN hang sabendinane tugas ring Kantor Camat Wongsorejo iku.
   Sakliyane ana program latihan njuged, Riyadi uga mbukak program latihan silat aliran Macan Putih tinggalane H. Sudardji Karangrejo Banyuwangi. Pihak kecamatan rumangsa kebantu ambi kegiyatan hang kaya gedigu iku. Merga kelawan anane program kegiyatan ring sanggar seni, sithik akeh mbantu pemerintah ngurangi akehe lare hang nganggur. Malah-malah anggota Sanggar Seni Wongso Arum uga diajari desain kelambi, udheng, seleyer sampek bisa produksi.
"Isun iki ngedegaken sanggar seni ring Wongsorejo iku padha ambi wedhus melebu kandhang macan, Kang. Kawit-kawitane bengen, gentheng umah iku saben bengi dikerutug watu. Wis sing leren-leren ngganti. Isun sabar. Isun ya tau nyantri, Kang. Taping serta anggotanisun kerep diajak Disbudpar tampil ring luar kota, malah-malah ana hang kepilih kanggo ngisi pembukaan Seagames ring Jakarta ika, muridisun tambah akeh. Masyarakat wis akeh hang bisa ngerasakaken asile. Dudu asil picis, Kang.Taping mentale lare-lare tambah apik, Kang. Ning uwong tuweke tambah nurut," ujare Riyadi nyang kontributor belambangan.com.
   Eko Ari Bawanto, S.Sn hang ngewakili Bidhang Kebudayaan nekani acara iku nyampekaken jempol loro, malah ambi arep njunjung sikile kanggo nduduhaken jempolan sikile.
"Masyarakat Wongsorejo mula ngelak hiburan, Kang. Rika ra weruh kadhung Wongsorejo iku dhaerah etnis Medura lan agamis. Taping kelawan anane kesenian Banyuwangi arupa gandrung, dhemene keliwat-liwat. Bek hang aran lapangan pull," jare Den Mas Eko Brewok mungkasi gesah.
Serta lomba wis pungkas lan diumumaken pemenange yaiku:
Beregu:
1. Juara 1 SDN 1 Wongsorejo
2. Juara 2 SDN 4 Bajulmati
3. Juara 3 SDN 2 Sumberkencono
4. Harapan 1 MI islamiyah wongsorejo

Perorangan
1. Juara 1 MI islamiyah Wongsorejo
2. Juara 2 SDN 2 sumberekencono
3. Juara 3 SDN 1 Sumberkencono
4. Harapan 1 SDN 1 Wongsorejo
5. Harapan 2 SDN 2 Sumberkencono
6. Harapan 3 SDN 3 wongsorejo

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Er

Editor: Antariksawan Jusuf