Balai Bahasa Jatim Nerbitaken 9 Cerita Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 16 Mei 2023 07:18 WIB)
- Laporan
Ana sangang naskah cerita dwi basa Indonesia-Using arep diterbitaken Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT). Naskah-naskah iku dina Senin sore (15/5) dipetani bareng ambi penulis lan penelaahe makene enak diwaca, bener kalimate lan cocok kanggone lalare hang dadi sasaran pembacane.
Jare Kepala BBJT Dr. Umi Kulsum, M. Hum. tepak mbukak acarane, iwuh iku tujuwane kanggo nguri-uri basa dhaerah, njunjung martabate basa Indonesia lan uga makene basa lan budaya Insonesia saya ngerambah ring donya internasional.
Iwuh iku uga nyokong anane buku wacanan hang apik kanggo literasi Indonesia, jare Bu Umi.
Ulan April kepungkur, para penulis wis neken kontrake ambi BBJT. Teka Banyuwangi yaiku Andisep Kurniawan (2 naskah), Nur Aini (2), Nur Holipah (2), Urip Limartono (3).
Rata-rata naskah buku basa Using iku ditujoaken kanggo lalare pembaca pemula umur 7-9 taun.
Jare staf ring Kelompok Kepakaran dan Layanan Profesional (KKLP) Penerjemahan ring Balai Bahasa hang milu ring kelas metani karya basa Using, Bu Atin, taun 2023 iki naskah hang arep diterbitaken munggah seru akehe timbang taun sedurunge.
Naskah basa Jawa hang diterbitaken taun sore mung 11, taun iki dadi 79. Naskah basa Medura teka 3 taun sore, saiki dadi 22 lan basa Using teka 2 nyang 9 naskah.
Naskah-naskah iki wis milu proses seleksi hang diumumaken sakat ngawiti taun lan hang kepilih diumumaken ulan Maret kepungkur.
Sakteruse, para penulis arep kecaruk ilustrator buku kanggo nggawe gambar ilustrasi kaya hang dikarepaken penulise. Pungkasan, karyane arep diterbitaken lan bisa diunduh ring: https://balaibahasajatim.kemdikbud.go.id/
Dadi engko sapa bain bisa ulih dalan kanggo njuwut lan nduweni buku-buku hang diterbitaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







