Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 05 April 2026 10:00 WIB)
(Cerita Cendhek) HANG GANCANG
“Janah…. Gancang muliha emakrika nggoleti…!.” celuke Dayat nang isun kang magih ciblung ambi lalare ring banyu ngingsor sasak masjid gedhe.
Ring umah, emak sing mandheg-mandheg hang aran nguwel. “Memengana wis taping aja lali nang wayah. Sakat mulih sekolah sampek arep Magerib ciblung sing mentas-mentas. Lali nang sembayange lali nang kewajibane nulungi Emak rijig-rijig.”
Isun kang diuwel ya rumangsa kadine meneng bain wis sing wani semaur. Mari Isak sun bukak buku pelajaran dudu kerana makene dielem emak naming ya mula kudu sinau. Saya suwi hawa ngadhem-ngadhemaken, ndeleng jam edom cendheke wis gadhug ring angka sepuluh, hing maido matanisun uga wis jelantukan. Kudu gancang turu makene sing mbangkrong. Manuk engguk ngiringi turunisun sampek wayah tekane adan Subuh.
“Janah… tangiya wis gancanga sembayang. Aja nganteni pitik jago keluruk,” abane emak nggebrosi awakisun ambi kemul.
Embuh kerana paran gebrosane emak sing bisa nangekaken isun. Mata kaya jangget. Diered ya magih sing bisa njegog. Sak suwen-suwene ngusreg awakisun sunare serngenge mangkat katon ring bucu wetan. “Serngenge wis mangkat padhang tangiya wis…!.” Emak narik awakisun melebu nang cedhing. Rai sun siram banyu wuduk lan seteruse mangkat sembayang.
Hang aran emak sing leren-leren ngengetaken paran hang kudu dilakoni, alihe isun wis kelas lima. Endi penganggo kang kudu dienggo. Epek cemepak ring ndhuwur kasur. Tas sekolah wis diisi tah durung. Rambut keriwul gancang digaru uga ditingkes. Sarapan ya wis cemepak nang ndhuwur meja. Masiya mung sega ambi iwak lemuru jangan kates rasane windhul. Taping ya gedigu isun iki paran-paran suwi lakonane.
Apak kang wis semandhing ring sepidhah montor pespa uga siyap ngateraken anake kang lendhu iki. “Janah… gancanga wis delengen jam iku, aja sampek apakira ngebud ngateraken sira. Sekolahanira iku limang kilo teka umah iki. Gancanga wis!.” Suwarane emak sing entek-entek.
Jam pitu kurang rong puluh menit. Apak nguripi sepidhahe. Isun siyap sing siyap kudu mangkat lungguh gonceng ring mburine apak. Ati dheg-dhegan. Kaya-kaya kasep wis nang ngarepan mata. Iling dhung sepidhah pespa iku sing bisa melaku anter. “Salahisun wis, apuwa kok sing bisa gancang isun iki," batinisun.
Apak uga rumangsa dhung kudu gancang gadug sekolahan. Masiya ring kampungan dhung wayah lare melaku sekolah ya mesthi rame. Kebarengan ambi wong-wong melaku megawe. Isun lungguh wadon ambi ngempit erok makene sing mubal-mubal. Siji-siji sepidhah disalip ambi apak. Tepak hang rada gedhe pikep nguwot sapi uga disalip. Wis pokoke apak pejuwang sejati kanggo lakune anak. Taping, ana siji hang sing bisa disalip apak. Sepidhah hang nguwot romot dami. Nak disalip ngalor milu ngalor. Dienggo edheng milu edheng. Digancangi ngegol-ngegol. Mbelaheni pokoke wis. Taping, apak duweni cara makene bisa nyalip. Ndeleng ngarep posisi sepi. Sepidhah nguwot dami dipepet uga digancangi melakune. “Gancang…!” batinisun. Taping, “Bruuuk.” Isun cicir teka sepidhah kerana sikil nyangkled nang wowotan dami. Apak sing kerasa isun cicir. Iyane terus melaku embuh gadug endi.
Isun kang lungguh ring tengahe lurung agage diinggiraken uwong. Ditakoni apuwa, ambi sapa, endi apake. Isun sing bisa semaur serang kagete. Emane sing paran-paran mung babras sithik.
Sun anteni rada suwi hang aran apak mauka durung balik maning. Suwi-suwi teka kadohan jumbul sepidhah pespa. Eluh mili taping cangkem sing muni. Apak njagelang sepidhah gancang mara nang isun. “Sira sing paran-paran Beng. Mangkane Sun jak ngomong sak dalan-dalan sing semaur. Ketangana Sira iki cicir Beng," omonge apak ambi ambekan gedhe. Isun mung bisa manthuk. “Maning-maning hang gancang ya Beng!. Dhung tangi hang subuh makene sing kesusu kaya gedigi!.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
_Kang_Jum_lan_Mbok_Jam,_pungkas-36935.jpg)