Enteke Tukang Nyalin Lontar ring Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 27 Maret 2026 03:12 WIB)
- Opini
Ditulis ring Wiwin Indiarti
Tanggal 10 Maret 2026, ana kabar keseripahan hang nerak Banyuwangi kaya angin lesus naming hing pati akeh dadi omongan. Yaiku sampek umure Mbah Senari.
Sapa sih Mbah Senari iku? Iyane iku wong Banyuwangi teka komunitas adat Using Kemiren hang pungkasan bisa nulis (nyalin) lontar.
Mbah Senari lair taun 1937 lan sedawane uripe dipaserahaken kanggo nyelametaken naskah-naskah kuna kanggo njaga pengetahuan, teradhisi, lan praktik kultural masarakat adat.
Tepak iyane nemoni pesthine, setemene hing mung wong Banyuwangi hang kelangan, uga wong-wong hang saben dinane nggelibet ring naskah kuno merga iyane nggawe suwung donya teradhisi literasi manuskrip ring Banyuwangi.
Seperene Mbah Senari wis nyalin kira-kira 202 lontar, edheng? Iku nduduhaken gok paran hang wis digape iku merga iyane nduweni dedikasi lan temenanan anggone nguri-uri warisan intelektual lokal. Konteks kanggone komunitas masarakat adat Using, lontar hing mung sukur nduduhaken medhiya tulis, naming uga ring cerita utawa manuskrip kuno hang urip ring praktik budaya hang dienggo pitudhuh ring sinau macaan lan minangka sarana ritual macaan sewengi njampleng.
Keahliane nyalin lontar iku dudu keterampilan hang sepele. Iyane kudu nguwasani aspek linguistik lan non-linguistik hang jeru.
Ring tatanan linguistik, tukang nyalin lontar kudu paham setruktur basa sak jerone teks, kelebu ucap-ucap kelasik, ragam basa ritual, uga bisa maca lan titen nulis aksara. Tukang nyalin naskah uga kudu bisa ngerteni makna simbolik, konteks kultural, lan nuansa naratip makene hing ana salah pengerten ring proses nyaline.
Sawetara, aspek non-linguistik kelebu paham ring konteks sosial-budaya teks, pungsine lontar sak jerone urip sedina-dinane ring masarakat, uga etika ring peroses nyalin naskah.
Tukang nyalin naskah uga kudu weruh wayakendi lan kelendi tekse iku dienggo paran, kanggo sinau, ritual tah njontrongaken pengetahuan teka generasi siji nyang generasi liyane.
Ring akeh kedadeyan, peroses iki uga ana gantholane ambi urusan batin hang njaluk anane ati kang sabar, tekun lan sikap ngajeni nang nilai-nilai hang sak jerone manuskrip.
Mulihe Mbah Senari dadi tandha enteke sak generasi tukang nyalin lontar ring Banyuwangi. Seperene durung ana generasi hang nerusaken jangkahe Mbah Sunari, penerus hang duwe kaweruh madhani lan cukup kanggo nerusaken teradhisi iku.
Ya dadine nggarahi ngenes merga lontar iki magih nduweni pungsi penting ring uripe masarakat adat Using, masiyatah wis hing patiya akeh hang mbutuhaken merga uwahe jaman.
Mangkane, dalan kanggo golet gantine Mbah Sunari iki kudu gancang dikawiti. Suwunge tukang nyalin iki hing bisa digeningaken. Kabeh pihak - ya pemerintah, akademisi, institusi pendidikan lan swasta - kudu bareng-bareng ngersaya kanggo ngerancang seterategi ngelestarekaken hang ajeg.
Teradhisi nyalin lontar dudu mung sukur mituhu nggandholi teks naming uga ngelestarekaken lakune pengetahuan, nilai lan identitas budaya hang urip ring jerone.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.