Gandrung Lastrik: Bangur Mangan Keringete Dhewek
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 Maret 2026 06:57 WIB)
- Tokoh
Bangete repenan kala kundangan nggandrung, ana salah sijine tamu hang terang-terangan ‘ngajaki’ iyane ambi mameraken picis hang wernane abang-abang, akeh. Sekala iku uga, merga magih kukuh njaga awak lan ngeman arane gandrung, iyane aju njawab; “Makene wis. timbangane ‘gedigu’ Isun banguran mangan teka asile keringetisun dhewek,” ucape ambi ngelus dhadha ngempet lara ati merga dianggep gampangan. Sakmarine iku, iyane aju ngambul sing gelem ngggandrung maning sampek setaun lebih lawase.
“Bangete leren nggandrung iku, akeh uwong kelebu dulur-dulurisun dhewek hang marahi nyang Isun, ngongkon Isun nggandrung maning. Jare uwong-uwong iku, hang penting Isun hing sampek ngedol awak, hing sampek gelem diejak macem-macem ambi uwong. Makene wis aja pati nuruti omongane uwong. Hang penting niyate nggandrung dienggo golet picis hang bener. Gedigu jare uwong-uwong iku. Ya pungkasane Isun balik nggandrung maning sampek saiki iki,” ujare nyang penulis.
Paran hang diceritakaken ambi gandrung teka Dusun Pancoran, Desa Rejosari, Kecamatan Glagah iki wangune bisa dadi bukti kadhung wong dadi gandrung iku sing mesthi elek. Pengalaman hang ngelara ati iku diceritakaken dhewek ambi Sulastri utawa hang kesuwur nganggo aran Gandrung Trik, kala ditemoni penulis nong umahe. “Ya gedigu iku pengalaman hang paling sing bisa Hun lalekaken sampek saiki iki,” jare Sulastri, hang pungkasane nggandrung maning sampek saiki iki.
Bab jagad kesenian aseli Banyuwangi iki, kanggone Gandrung Trik ya wis dadi sega-jangan saben dinane. Merga, sakat magih cilikane bengen, anake Basuki ambi Junaehak iki wis biyasah ndeleng lan nirokaken para calon gandrung hang ajar nggandrung nyang embahe hang aran Pi’i. “Embah Pi’i iku bapake emakisun, Junaehak. Saktemene Embah iku wis akeh ngajari lan ndadekaken gandrung. Hang Sun engeti, hang tau ajar nggandrung nyang Embah iku antarane Gandrung Temu’, Gandrung Musa’iyah, Gandrung Parmi, Gandrung Dartik, lan Gandrung Sunasih,” jare Sulastri, hang sampek saiki iki ya magih nggandrung.
Merga akehe hang njaluk ajar nggandrung lan tari-tarian liyane, jare Sulastri, Embahe aju ngedegaken Sanggar. “Serta Embah wis sing ana, aju Isun hang ngelakokaken sanggare, ambi ditulungi Kang Sanali panjak hang biyasah main bahola kok. Lan bengen iku, bangete Embah ngajari para gandrung, meneng-meneng Isun iki nirok-nirokaken dhewek. Ya jugedane, ya gendhingane, sampek Isun bisa. Dadi Isun iki saktemene sing sampek diajari dhewek ambi Embah. Serta Embah wis sing ana lan Isun wis kepingin nggandrung dhewek, buru Isun njaluk ajar nyang Subari (koreografer Subari Sofyan),” jare Sulastri, nyeritakaken kawitane iyane mangkat nggandrung.
Beda ambi ceritane para gandrung lawas hang akeh-akehe wis mangkat nggandrung sakat magih umur welasan taun, Sulastri dhewek malah buru nggandrung serta umure wis likuran taun. “Kawitan nggandrung iku umurisun wis baliq, malah wis umah-umah,” jare Sulastri, hang dulur-dulurane mula akeh hang dadi gandrung iki. “Dulurisun hang dadi gandrung yaiku Bik Juhani, anake Embah Pi’i lan Bik Naisah, adhike bapak,” jare Sulastri nambahi.
Miturut ceritane, sedurunge dadi Gandrung terob temenanan, magih ana ruwahe Embah Pi’i iku setemene iyane wis kerep munggah genjote gandrung njugedaken Topengan utawa tari topeng hang biyasah dienggo ngawiti tontonan gandrung terob. Buru ring taun 1990-an iyane temenan dadi Gandrung terob. “Kawitane dadi Gandrung terob iku Isun main nong dhaerah Jangkar, Situbondo. Main jak loron ambi Gandrung Muda’iyah. Ya sakat iku sampek saiki iki wis, magih terus nggandrung,” jare Sulastri, hang wis kerep diundang nggandrung sampek nong pirangane dhaerah nong Kalimantan.
Ditakoni ngenani sensren hang wis lumrah dienggo ambi para Gandrung, Sulastri ngaku kadhung iyane sing kathik ngangggo hang kaya iku. “Hang aran sensren iku ya wis lumrahe dienggo ambi gandrung. Naming Isun sing kathikan gedigu. Mung kadhung tepak arepe main ika, bangete arep nganggo wedhak ya sukur maca Bismillah. Gedigu bain. Dadi saktemene Isun iki polosan bain. Gelem ya gedigi, hing gelem ya wis,” jare Gandrung hang saiki kerep nyindhen ning grup Jaranan lan Kuntulan iki.
Cerita ngenani riwayat umah-umahe, Gandrung hang lair taun 1969 iki ngaku wis tau ping telu umah-umah. Kawitan nikah ambi penari dhaerah hang aran Irpan, taun 1991. Ambi Irpan iki iyane diuweni anak siji hang saiki wis munggah lancing.
Pegatan ambi Irpan, Sulastri aju kawin maning ambi panjak tukang kendhang hang aran Eko sampek duwe anak loro. “Bangete Isun meteng anak hang nomer loro, Eko kecanthol ambi lare wadon teka Uli-Ulian. Pungkasane ya aju pegatan. Terus hang pungkasan Isun kawin maning ambi Samsul Unyil, wong teka Licin. Ambi Samsul iki Isun sing duwe anak, terus pegatan. Saiki iki, makene wis enak urip dhewekan bain. Momong anak-anakisun bain,” jare Sulastri.
(Eko Budi Setianto: Buku Isun Gandrung)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.