Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 29 Maret 2026 06:29 WIB)

(Roncean Cerita) Kang Jum lan Mbok Jam, pungkas


Dianggit ring Lirix Al Harir

   Isuk-isuk ring umahe Mbok Jam wis ketekan dayoh wong wadon-wadon ayu. Wong-wong iku padha tangisan nalika Mbok Jam nyeritakaken kahanan mayite Kang Jum ring tengah dalan sing ana uwong hang gelem ngerumat lan sing ulih dipendhem ring kuburan kampung, kari-kari mayite Kang Jum diurus Kang Thulik lan santrine, aju dipendhem ring kuburan mburine masjid.
   “Taping hang nggawe atinisun mongkog, ngertiya Rika kabeh, saktemene mayite Kang Jum gandane wangi,” Mbok Jam nutugaken ceritane.
   Thulik lan wong-wong kampung wis tutug ring ngarep umahe Mbok Jam, weruh ana dhayohe Mbok Jam wong wadon hang ayu-ayu iku, Yoyok hang mula sakat bengen seru sengite ring Kang Jum, sakkal bain Iyane cemeplos cangkeme.
   “Kang Thulik saiki Rika weruh dhewek kan, iku senuk-senuk hang tau dikeloni Kang Jum saiki padha kumpul, paling getun ditinggal Kang Jum, merga sing ana hang nguweni picis maning,” Yoyok ngomong ambi nudingi wong-wong wadon iku siji-siji.
   “Sulung tah sabar dulur, mata hang nyawang, kadhang ulap ambi sunar hang kemencang, mula mayo padha ngerungakaken cerita hang bakal dijemblang,” Thulik ngedhem-ngedhem atine wong-wong kampung.
    “Aja sumelang, kabeh bakal sun jemblang, makene sing ana maning ati hang mamang, Rika kabeh merene yara arep takon paran hang saben dina dilakoni Kakang?” omonge Mbok Jam nggawe Thulik lan wong-wong kampung padha kaget, merga Mbok Jam wis weruh paran karepe wong-wong kampung teka merene.
   Durung kober Thulik nakoni Mbok Jam, Mbok Jam wis ngomong maning, ”Aja kaget Kang Thulik kadhung Isun wis weruh karep Rika, jerune segara bisa dikira-kira, jerune ati sapa bisa nyangka, merga rasa jenggi tambah ngotori ati hang mula lara.”
   Omonge Mbok Jam kerasa landhep. Wong-wong kampung meneng cep, rungu omonge Mbok Jam hang kaya panah ring ati nyendep. Kaya wong keneng sirep, kahanan sepi lerep, wong-wong hang maune anggep, saikine kingslep kedhep.
   “Kang Jum teka sak jerone ngipi, Iyane lungguh ring dampar kencana hang direngga inten berlian, Iyane ngomong kadhung kesuk isuk bakal ana Kang Thulik lan wong-wong kampung teka merene, perlu takon paran hang dilakoni Iyane saben dina saingga diuweni derajat dhuwur kaya iki. Dina iki Isun dikongkon cerita gamblang makene sing dadi petenah, aju nggawe guncang,” Mbok Jam nerusaken ceritane.
   “Ye, kalingana Rika ngipi hang padha ambi Isun Mbok, Isun ya ditekani Kang Jum sak jerone ngipi, Isun dikongkon takon ning Rika paran hang dilakoni Iyane sampek diuweni derajat hang dhuwur iku,” Thulik uga cerita ditekani Kang Jum ring njero ngipi.
    Mbok jam molai cerita kelakuwane Kang Jum, “Kang Thulik lan dulur kabeh, Kang Jum saben dina mulih megawe nyangking botol arak iku masa diombe, taping isine dibuang ring kakus, Iyane ngomong kelawan iku ngurangi wong mabuk, ngurangi maksiyat, lan ngurangi dosa. Lare wadon ayu hang digawa, sampek umah diajak mangan bareng, kadhung gelem ya diajak sembayang Isak jamaah, kadhung sing gelem ya sing paran-paran, aju dikongkon turu ring kamar hang kosong. Kang Jum aju turu bareng ambi Isun. Tengah wengi Kang Jum tangi, aju metu kamar, Isun meneng-meneng ngintil ring mburine, Sun pikir arep ngeloni lare wadon iku, kalingana arep adus aju sembayang tahajud. Isun uga milu sembayang tahajud ring mburine. Manjing subuh, lare wadon mau digugah nawi gelem diajak sembayang subuh, kadhung sing gelem ya sing dipaksa. Isuk-isuk lare wadon iku dikongkon adus aju diajak sarapan ambi dinasehati, nawi-nawi bisa ngelereni dadi uwong hang adol awake. Mari sarapan Kang Jum melaku megawe ambi ngeteraken lare wadon iku ning umahe, sing lali Kang Jum nguweni picis ring lare iku. Gedigu saben dina Kang Jum mulih megawe ambi nyangking botol arak lan lare wadon ayu. Jare Kang Jum kelawan kelakuwan iki, wis ngurangi dosa lan jina hang arep dilakoni lare wadon iku lan uwong lanang hang arep nggawa Iyane.”
   “Iki wong-wong wadon hang tau digawa Kang Jum, alhamdulillah saiki wis tobat lan leren adol awak, gelem sembayang lan milu ngaji ring kampunge,” ambi nuding wong wadon-wadon iku, Mbok Jam nerusaken ceritane.
    Thulik munyik rungu ceritane Mbok Jam, sakwentara wong-wong kampung padha ngembung iluh, rumangsa salah ring Kang Jum merga wis nyangka Kang Jum hang using-using.
   “Wis rungu dhewek kan Rika kabeh dulur-dulur, paran hang Rika kabeh sangkakaken ring Kang Jum jare doyan ngombe sampek mendhem uga doyan nyenuk, nyatane sing kaya hang Rika kabeh sangka, kalingana paran hang dilakoni Kang Jum bisa ulih redane Pengeran, saingga diweni derajat hang duwur, mayite Kang Jum gandane arum,” omonge Thulik ambi madhep ring wong-wong kampung.
   Wak Nu maju mareki Mbok Jam ambi ngomong, “Isun lan dulur-dulur kabeh njaluk sepura ring Rika Mbok, Kene kabeh wis nyangka Kang Jum hang using-using, turneya hang dilakoni Iyane sing kaya hang dideleng mata, mula mata ati hang ketutup jenggi, sing bakal weruh endhahe ulan ndadari.”
   “Iya Wak, Isun lan Kang Jum wis nyepura Rika kabeh sak durunge Rika kabeh njaluk sepura, wis aja kuwatir ya Wak, Isun lan Kang Jum sing duwe rasa dendhem ring Rika kabeh,” abane Mbok Jam ambi mantuk ring Wak Nu.
   “Alhamdulillaahi robbil ‘aalaamiin,” Wak Nu lan wong-wong kampung bareng ulihe sukur.
    “Serehne kabeh cerita wis sun jemblang lan wis gamblang, sing ana maning ati hang mberanang, ati iki wis sing ana hang ngencang lan sing sumelang, ring ndonya sing ana maning hang sun sawang, lan uga Kang Jum saiki wis midhang, kepingin gancang bisa kumpul maning ati girang. Nawi ana salah Isun njaluk sepura, Isun pamit nyawa iki bakal metu teka raga. Laa ilaaha illallaah Muhammadur rosuulullaah,” Mbok Jam mungkasi omonge aju mapan turu kari bungahe.
    Mbok Jam turu ambekane wis sing metu. Matane merem atine wis ayem. Lambene munyik awake wis sing umik. Turu pules, wong-wong kampung atine angles ngenes. Wong wadon-wadon hang dadi dhayohe, geruh-geruh seru getune, atine kaya diperekes.
   Thulik mung bisa ngucap,”lnnalilahi wa innailaihi rojiun, kita kabeh duwene Pengeran, lan mesthi bakal balik maning ring Pengeran. Subhanallah, kari enak ulihe Rika dijuwut, nggawe ati iki kemesut uga salut. Kari kita kabeh muga sing ulih petenah lan bisa mati Husnul hotimah. Aamiin.”
    Wong-wong kampung magih sing percaya kok Mbok Jam wis sing ana. Kaya apus-apusan ulihe wekasan, tibane wis ninggal temenan. Tangis pecah, iluh kuntah, getun ulihe nyamah lan megagah. Wong-wong kampung kelangan, Mbok Jam hang saben dina dadi wadanan, tibane diwelasi Pengeran.
    Dina iku uga, mayite Mbok Jam dirumat Thulik lan wong-wong kampung, dipendhem ring sandhing kuburane Kang Jum, hang ngerandu dhandhanginum bisa keloron andhum-andhum.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.