Jakalara Tah Jakarara?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 20 Mei 2026 06:51 WIB)
- Esai



Ditulis ring Iskak Basuki

Lara paran, Jok? Ana hang ngomongaken peno jare lara. Jaka lara...

Wong wingi mula lancar gawe-gawe istilah. Maning apik-apik. Contone ya jakalara iku. Artine mbuh paran. Kadhung ring kamus jakalara utawa jakarara artine laki utawa rabi hang kawitan.
   Kari-kari, suwi-suwi, paran bain milu-milu diarani jakalara. Montor hang pertama diduweni ya diarani jakalara. Montor jakalara, Lik. Kaya montorisun iki. Pertama duwe ya iki. Dadiya tuwek, lawas, ting ngerejekeni. Wis kaya dadi sikilisun utawa rabinisun, rabi nomer loro, merana-merene keloronan ambi isun. Mari-mari setiya wih pokoke. Sing tau nolak hun jak nyang endi bain. Cerewete mung buru-buru ulih bengen. Cepet njaluk pijet, koncar-kancir nang bingkil. Akeh jeroane hang mula wayahe ganti.
   Sing kerasa wis welasan taun montor iki hun maru. Dawa wis riwayate. Susah seneng bareng. Susahe, antarane tau emeh keli ring Sukamade. Nyabrang dalu-dalu, wayah udan, peteng, sing weruh gok banyune belabur.
   Ring Glenmore tau dicelathu cara Medura gara-gara meksa liwat dalan cilik. Mula dudu dalane montor. Serta wis melebu rada adoh, eh, cumpune buntu! Nagud! Kudu balik maning. Keneng celathu pindho, coh. Uwonge nganteni ring ngarepan, ambi 'golet cet'... nyarecet!!
   Cerita senenge sing perlu diungkab maning. Nggarai wong wadon cupar. Ring dalan tau ketheng-ketheng bareng ambi wong wadon, weruh trek mburine ana gambare wong jilbaban ngangkat tangane, ndunga; tulisane: 'Sadarkanlah suamiku'.

   Buru-buru hun jak nunggang montor, lambene wong wadon sing leren-leren gok cemat-cemit. Kala semono mula magih ajaran. Ajare ya nganggo jakalara iki. Mehmehi nggupuhi. Saben nong ngarep ana sepidhah, ana montor dadiya magih adoh, ana becak 'nyelonong', ana uwong paran maning kucing mara-mara nyebrang,

"Mas.....! Sepidhah!"  
"Mas.....! Montor!"
"Mas.....! Becak!"
"Mas.....! Uwong!"
"Mas.....! Kucing!"

   Sakat berangkat mas-mesan thok, pokoke. Supir anyaran gupuhe dudu kerana ramene dalan, ting ngabeti penumpange hang buyek 'mas mes mas mes.....'
   Hang mbenu, bangete melaku-melaku ngalor liwat dalan lingkar Ketapang; Hotel Manyar ngulon, ring kono ana dalan layange sepur. Dalane montor nong ngingsore. Enak ayem nyetir ambi sisilan nirokaken unine tip. Mara-mara kaya ana bom mbeledhos, "Maaasss...! Sepuuurrr.....!"
   Isun ambi lare-lare padha mberejage rungu wong melung kari anter nang kuping. Naping sakkal padha gemuyu cekakakan. Nagud! Ibunira iki kelendi, tah? Yong sepur ana dalane dhewek nong ndhuwur yak! Tepak mareki 'terowongan', mula nepaki sepure ya arep liwat teka lor, ketarane kenceng kaya arep nomplok.
   Hang anteran maning melunge aju dalu-dalu ngisi bengsin ring pom Penataban. Nyaruki sepi. Pegawene embuh padha nyang endi? Isun nyacak ngelayani dhewek. Enget kaya ring pilem-pilem luwar, pome swalayan. Serta wis mari, wis mbayar, selange hun cantholaken nang papane maning. Aksine kaya wis biyasah. Aju berangkat maning. Buru bain pirang meter,
"Maaasss.....!!!"
"Paran?!"
   Isun kontan kelunjuk, nyagreb lan mendelik nang iyane. Paran maning iki? Serta nulih memburi..... Ya, Allah! Iku bengsin moncrot-moncrot semembur kaya udan. Kok bisa? Isun sakkal mencolot metu. Byek! Sing weruha selange bengsine bedhol dhol teka mesine. Katut kecanthol bempere montorisun hang mburi. Pegawene pom gupuh keplayon, gancang-gancang nduleg tombole emergensi. Plek! Bengsin sakkal mampet. Tapi aja takon. Embuh pira akehe hang semembur moncor teka mesine. Kepus kabeh ring kono kaya mari udan lokal. Meja-mejane kasire kebles bengsin. Embuh wih. Talahe. Isun agage ngalih, agage melebu, nyetater montor, lan.....go-muyu taker weteng kaku. Ana bain isine donya. Kaya pileme Dono, jare anakisun. Iyok. Masa kaya pilem luwar.
   Wis...wis.... Jakalara iki setemene wakeh wis ceritane, wadoh uga wis perjalanane. Cocog gok diceluki jaka.....'jok kana-kana', 'jok kandha-kandha', jare wong kulonan.
   Munggane hang kesebut jakalara iku adate dieman-eman temenan ambi hang duwe. Diraksa lan niyat dienggo dhewek selawase. Sing arep diedol.
   Misale kepingin montor anyar, jakalara tetep rawatana. Kadhung arep tuku maning aja kesusu, aja mandak milih hang modhel saiki, dadiya apike kelendi. Pumpung durung. Engkotah getun. Hang sabar kaya isun kek. Marek iki yara metu modhel hang anyaran, hang apikan. Marek iku magih arep ana maning. Antenana modhel paling anyar, paling ahir. Antenana sampek kirane pabrike arep tutup lan sing nggawe maning, buru tukuwa.
   Jare wong kulonan, "Ooo.....padune wong ora duwe duwit!"
Akehan teronge ambi buncise.
Akehan omonge ambi picise.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor