Jebeng Singojuruh Menang Putri Pariwisata Kategori Remaja

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 14 Agustus 2023 12:49 WIB)
- Laporan



Ring iwuh Pemilihan Putra-Putri Wisata Indonesia Kategori Remaja, Jawa Timur ulih penghargaan Pemenang (Winner) lanang lan wadon. Hang nggawe mongkog, lare wadone iku, Alicia Alexandra Ouborg, asal teka desa Singojuruh Banyuwangi. Malah bapake, Achmad Habiby, saben dinane minangka Carik (Sekretaris Desa) Singojuruh.
   Ring kategori Remaja, Jawa Timur diwakili Priagung Antonio 17 taun, pelajar kelas 3 SMA 3 Blitar lan Alicia, 14 taun, siswi kelas 2 MTSN 10 Banyuwangi. Alicia iki teka Singojuruh tapi emake teka Bedewang Songgon.
   Acarane digelar uni bengi (13/8) ring Balairung Soesilo Soedarman Gedung Sapta Pesona duwene Kementerian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif.
   Keloron menangaken penghargaane kelawan ngalahaken 58 peserta teka kabeh propinsi sak Indonesia.
    Sak liyane lare loro iku, Jawa Timur diwakili ambi lare loro liyane yaiku Jeng Maubi Salusti, 22 taun, mahasiswi Untag Banyuwangi hang melebu Top 15 Putri kategori Dewasa lan Arabella Briana, 14 taun siswi teka Malang hang ulih gelar minangka Putri Wisata Best Stylish.
   Lalare papat iku wis nyiyapaken kanggo kompetisine sakat petang ulan kepungkur, antarane kanggo latihan ngomong (public speaking) lan cara melaku kucing ring ndhuwur genjot (cat walking). Sak suwene karantina, latihane dicekel pelatih Eza Guntur Desember teka Banyuwangi dadi saben manggung katon beda.
   Sakteruse kanggo Priagung Antonio lan Alicia Alexandra Ouborg minangka pemenang Putra lan Putri Wisata Indonesia Remaja arep makili Indonesia ring tingkat internasional hang arep digelar ring bungase taun iki. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor