Kembang Endhog Pilosopi lan Festipal Banyuwangi

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 27 Agustus 2026 07:48 WIB)
- Opini



Ulan Mulud salah sijine ulan hang dianti-anti kanggone wong Banyuwangi, sakliyane Ulan Syawal. Ulan kelairane Nabi Muhammad SAW iki pancen wis dadi ulan hang digedhe-gedhekaken tinimbang ulan-ulan liyane. Meh saben-saben desa utawa kampung-kampung ring Banyuwangi, jenggirat anggone mapag ulan iki. Meh kabeh padha girang serta ulan Mulud teka. Ana hang mbeleh pitik, menthok ana uga hang mbeleh wedhus lan sapi. Kabeh mau diolah dadi panganan. Aju  disuguhaken anak rabine uga diateraken nyang wong-wong tuwek lan sanak kadange. Sing heran maning kadhung akeh wong hang padha ater-ater panganan nganggo rantang turut lurung salip-salipan.

Sakliyane ancak-ancakan Muludan biyasahe sing lali ambi ngarak Kembang Endhog melibengi kampung.  Kembang endhog iku digawe teka kuluban endhog, bisa arupa endhog pitik bisa uga nganggo endhog bebek. Endhog mateng iku aju disunduk ring jajang kang dawane rong kilan aju direngga ambi kembang kertas. Kembang endhog iku dudu memenganan lan dudu mung rerenggan. Kembang endhog duwe perlambang hang jeru. Endhog ngelambangaken kelairane Nabi Muhammad, jajang (garing) ngelambangaken garinge iman, kembang kertas ngelambangaken indahe iman. Dadi kembang endhog iku nduweni maksud, kahanan garinge iman ring Mekah jaman semono, serta Nabi Muhammad lair, edheng-edhengan ring Mekah kembang-kembang iman mekar semebar.

Kembang endhog dipajang ring gedebog. Sakdurunge gedebog direngga sulung ambi kertas kelar-kelir. Mari gedigu kembang endhog ditancepaken jejer mendhuwur sampek gedebog bek ambi kembang endhog. Gedeboge gedhang hang ditancepi kembang endhog iku diarani judhang.  Judhang-judhang mau aju diarak ana kang diwot montor ana uga hang diwot becak lan dhongkar.  Iki asale bengen dienggo siar Islam dadine saiki dadi adat lan teradhisi kang diwarisi masarakat Banyuwangi.

 Jejeran endhog sundukan ring gedebog iku diarak ambi kesenian Terbangan. Terbang iki biyasahe nganggo terbang kang akehe paling sithik 7 jangkepe kudune ya 9, aju ditambah Jidhor (meh kaya bedhug gedhe) ditambah Pantus (bedhug tanggung), Lencangan (bedhug cilik), kempul (gong cilik), Kethuk (kaya bonang cilik) lan ditambahi orgen cilik dinggo nggawa gendhinge. Gendhing kang digawa biyasahe gendhing Sholawatan Nabi utawa gendhing-gendhing islami liyane.

Ring jaman saiki wujude kembang endhog wis rupa-rupa dudu mung wujud kembang bain tapi  macem-macem, ana kang wujud barong-barongan, kapal-kapalan, ula-ulawan. Iku merga salah sijine kereasine wong Banyuwangi, makene seni teradhisi tetep bisa berkembang ring jaman saiki. Hang penting macem-maceme iku mau hang penting bisa nggawe dhemen wong hang nyawang utamane lare cilik. Mergane nyenengaken wong liya iku kelebu Sunnah Nabi. Paran maning yaiku nyenengaken lare-lare cilik ring ulan kelairane Nabi Muhammad.

Mengeti dina kelairan Nabi Muhammad ring Banyuwangi sing bisa dipisahaken ambi teradhisi endhog-endhogan iku mau. Adat kembang endhog kaya wis dadi ciri-wancini ulan Mulud. Nurut cathetan sejarah teradhisi ngarak kembang Endhog iki wis ana sakat taun 1911 hang dianakaken kawitan ana ring Desa Cemara Kecamatan Songgon Banyuwangi. Teradhisi endhog-endhogan iki digagas ambi KH Abdulah Fakih pengasuh Pondok Pesantre Cemoro, lan sakteruse digawa nyang desa-desa sak-Banyuwangi ambi para santri-santrine.

Milu kerentege masarakat Banyuwangi ring ulan Maulud hang sing tau cilik ana ring Banyuwangi iki, sakteruse Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nggawe ajang Festival endhog-endhogan. Taun 2013 Festival endhog-endhogan iki dianakaken kelawan ngarak kembang endhog sakdawane dalan kutha Banyuwangi hang akehe pitungewu endhog. Sakteruse saben taun Pemerintah Daerah Banyuwangi nggawe Festival Endhog-endhogan taun iki 2026 dianakaken ring desa Kembiritan Kecamatan Genteng pas ana ring dina Ahad 25 Agustus 2026 ditekani Bupati Banyuwangi. Sakliyane iku uga ana ring Desa Watukebo Kecamatan Blimbingsari.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : dokumen pribadi

Editor: Hani Z. Noor