Ngeculaken Pangsiyunan PTK Kecamatan Banyuwangi

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 20 Januari 2023 06:29 WIB)
- Laporan



Koordinator Wilayah Kerja Satuan Pendidikan (Korwilkersatdik) Kecamatan Banyuwangi dina Rebo sore nganakaken acara ngeculaken para purna tugas utawa pangsiyunan Pendidik dan Tenaga Kependidikan (PTK) Kecamatan Banyuwangi periode Juli 2022-Januari 2023 ring kantor Korwilkersatdik kecamatan Banyuwangi. PTK kang dieculaken ana 16 uwong. Rata-rata suwene dhines PTK kang pangsiyun sekitar 35 taun mendhuwur malah ana kang megawene sampek 40 taun lebih. Masiya waktu pangsiyune wis setengah taun nyang acara perpisahane, sing kathik ana musik lan jugedan taping sing ngurangi gayeng lan rumange acara.

Wis dadi adate, sakdurunge acara dikawiti para pangsiyunan lan PTK kang magih dhines padha salam-salaman, kangen-kangenan merga wis suwe sing tau kecaruk. Ana kang tambah seger, ana kang tetep bain, ana kang sing bisa hadir kerana ana kepentingan kang sing bisa ditinggalaken, lan ana pisan kang tepak umroh. Mula kang hadir sing PTK kabeh taping diwakili ambi kepala sekolah negeri lan swasta, ditambah pengawas sekolah, lan pegawe kantor korwilkersatdik kecamatan Banyuwangi.

Ketua Dana Sosial (Dasos) PTK sekaligus ketua penyelenggara, Drs. Sumadi, M.Pd nyampekaken nong sambutane kadhung acara kaya gedigi wis dadi programe dasos kang wis diedegaken pirang-pirangane taun kepungkur. Sing mung ngurmati lan nguweni tali asih nyang para pangsiyunan kang wis ngabdi nyang negara lan bangsa sakmono lawase tapi uga nguweni bantuwan sosial nyang anggota kang kadheman utawa keneng musibah. Dasos iki uga pengalaman nyumbang nong dhaerah liya kang keneng musibah. Kaya musibah lindhu nong Yogya, banjir nong Jember, lan meledhose gunung Semeru nong Lumajang. Kang magih anget kedadeyan banjir nong kutha Banyuwangi, dasos PTK iki uga gancang nguweni bantuwan nyang wong-wong kang keneng belahi.

Kang makili nguweni sambutan teka pangsiyunan yaiku Dra. Hj. Endang Wahyuningsih, M.Pd. minangka korwil kecamatan Banyuwangi dhongkol, nyampekaken kadhung megawe utawa dhines iku sing melaku mulus taping mesthi ana kerikil-kerikil kang kudu diliwati. Taping ya gedigu, kerikil-kerikil iku kudu tetep diliwati kanggo nambahi pengalaman lan ngamet tujuwan kang dikarepaken. Ngalih panggonan tugas ning kedhinasan iku yawis lumrah. Ana kang teka kecamatan Banyuwangi dielih tugase nong kecamatan Giri, ana pisan kang dielih nong kecamatan Glagah. Sing mung panggonan dhines kang dielih jabatan uga bisa bain dielih. Contone: mari dadi kepala sekolah dielih jabatane dadi guru, kaya pengalamane iyane. Sedheng Dra. Hj. Setyaningsih, MM. kang dhines pungkasane ana ring SDN 4 Penganjuran lan sakdurunge pangsiyun nyekel sakabreg jabatan, kaya dadi ketua gugus, pengurus porseni, lan pengurus K3S uga jabatan liyane, pesen nyang kanca-kanca kang magih dhines supaya tetep njaga kekompakan makene tetep dadi kecamatan kang murid-muride sugih prestasi.

Korwilkersatdik kecamatan Banyuwangi, Janoto, S.Pd. kang buru limang ulan njabat korwil Banyuwangi nguweni sambutan kang pungkas nong acara tanggal 18 Januari 2023 iku. Iyane mongkog nyang kompake PTK Banyuwangi lan njaluk supaya acara kaya gedigi kudu tetep dianakaken. Nyang para pangsiyunan Pak Janoto takon, anatah kepala sekolah kang teka tau dadi muride? Temakaken sekitar limang kepala sekolah kang tau dadi muride kang saiki hadir nong acara iki. Pak Janoto uga takon paran bain kegiyatan kang dilakoni saiki. Pesene, masiya pangsiyunan supaya tetep njaga awake ambi olahraga utawa embuh megiyet paran bain supaya tetep seger waras, lan sing sampek linglung (pikun).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor