Rong Buku Cerita Anak Basa Using Anyar teka Balai Bahasa Jawa Timur

Nur Holipah (dipublikasikan pada Selasa, 29 November 2022 08:33 WIB)
- Laporan



Manggon ring Hotel Fave-Jalan Jenggolo Sidoarjo, Nong Endi Emakisun anggitane Andi Sep Kurniawan ambi Usum Layangan anggitane Drs. Urip Limartono Aris wis diluncuraken Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur sore, Senin 28 November 2022 mbarengi Dina Dongeng Nasional. Sakdurunge, Andi lan Drs. Urip wis ulih Bimbingan Teknis ulan Maret 2022, hang dipiloni 25 penulis teka 38 kabupaten/kutha sak Jawa Timur. 

Rong buku Cerita Anak basa Using iki wis dielihbasa nyang Basa Indonesia bareng ambi 3 buku Cerita Anak basa Madura lan 11 buku Cerita Anak basa Jawa. Nur Holipah ngelih basa Usum Layangan - Musim Layang-Layang dene Nong Endi Emakisun diterjemahaken Rayhan Rizki Fadhillah. Buku-buku iki dikanggokaken lalare TK sampek kelas 3 SD kelawan gambar lan ilustrasi full colour.

"Buku cerita anak ya harus menarik untuk anak-anak, bukan menarik menurut ukuran orang dewasa," gedigu komentare Dr. Iwa Lukmana, M.A. Kepala Pusat Penguatan dan Pemberdayaan Bahasa.

Ketua Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur, Dr. Umi Kulsum, M.Hum ring kawitan sambutane ngomong dak iki kabeh hing luput teka tujuwan Trigatra Bahasa yaiku Utamakan Bahasa Indonesia, Lestarikan Bahasa Daerah dan Kuasai Bahasa Asing. Kepala Dinas Pendidikan Sidoarjo, Tirto Adi, mongkog temenan merga BBJT bisa sampek nerbitaken buku kanggo lalare SD, paran maning buku iki nganggo dwi-basa (basa dhaerah lan basa Indonesia).

Nembelas buku iki arep didumaken nyang komunitas sastra, komunitas bahasa lan komunitas literasi ring Sidoarjo. Mengarepaken, buku-buku iki ya arep didigitalisasi makene gampang kanggone sapa bain hang mbutuhaken, uga makene saya akeh hang maca.

Sakat 2021, BBJT wis nerbitaken karya terjemahan basa dhaerah nyang Basa Indonesia. BBJT uga ajeg nerbitaken majalah basa dhaerah kaya tah Ajisaka (nganggo aksara Carakan), Titis Basa (nganggo basa Jawa), Joko Tole (nganggo basa Medura), Lontar Using (majalah nganggo basa Using), lan majalah Panji Balai. Taun 2023 hang arep teka, BBJT ya tetep iwuh kanggo revitalisasi Bahasa Daerah maning hususe ring penerjemahan hang akehe bukune munggah dadi 97. Liyane iku, jare Dr. Umi Kulsum, M.Hum taun ngarep ana Festival Tunas Bahasa Ibu hang ana Mendongeng Berbahasa Daerah, Stand Up Comedy Bahasa Daerah uga Nembang nganggo Bahasa Daerah.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Warta

Editor: Antariksawan Jusuf