UIN KHAS Jember Meleciraken Quran Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Februari 2023 08:25 WIB)
- Laporan



Universitas Islam Negeri Kiai Haji Achmad Siddiq (UIN KHAS) Jember, Jawa Timur megawe bareng ambi Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nggelar iwuh meleciraken Quran basa Using (Tapsir basa Using) dina Jemuah, 10 Pebruari 2023. Iwuh iki minangka salah siji kegiyatan ring Diesnatalies UIN KHAS Jember.

"Iki minangka Quran terjemahan basa dhaerah hang kaping semene, uga wujud sumbangsih nyata UIN KHAS nyang masarakat umum, hususe masarakat Banyuwangi," jare Rektor UIN KHAS Jember, Babun Soeharto ring sambutane.

Prof. Babun Soeharto njelasaken, penerbitan terjemahan sampek dipeleciraken iki minangka program pengabdian masarakat hang dadi salah siji upaya ngelestarekaken lan ngembangaken budaya masarakat.

"Karya iki diuwakaken kanggo masarakat Banyuwangi, muga saya dhemen nyinaoni Quran minangka pedhoman urip saben dinane," gedigu ujare rektor UIN mgarepaken.

Proses nerjemahaken Quran iki wis dilakoni emeh telung taun. Ana 100 uwong hang kebagi dadi rong kelompok yaiku tim penerjemah lan tim validator hang dijuwut teka masarakat aseli utawa wong-wong hang ana hubungane ambi basa Using.

Salah siji tim penerjemah, Akhmad Musollin ngomong gok ana pirangane sandhungan ring proses nerjemahalen Quran basa Using iki antarane bab dialek.

"Perkara dialek iki mula durung ketemu mupakate kelendi, dadi sore iku mupakate aksara "O" digenti nganggo aksara "U" kanggo nggampangaken macane," ucape.

Akhmad nambahi, nerjemahaken iki wis miloni ilmu hang ana ring njerone Quran. 

"Sing sukur diterjemahaken teka basa Indonesia nyang basa Using, taping kudu urut miloni ilmu nahwu lan sorof-e," ujare. Masiya mohal lan sara seru mareki sempurna, Akhmad Musollin ngarepaken gok asil terjemahan iki sing ana koreksi. Bab iki dadi penandha minangka tim hang jumlahe lebih satus uwong iki wis nggarap kelawan rinci lan ati-ati ring saben prosese. "Muga-muga sing ana koreksi," ujare.

Sakwetara iku, Kepala Badan Moderasi Beragama dan Pengembangan SDM Kemenag RI, Suyitno, ngomong gok peluncuran iki dadi penting merga ana hubungane ambi program moderasi beragama hang digagas Kemenag RI.

"Program moderasi beragama Kemenag iku salah sijine yaiku ngewadhahi lan ngewani pasilitas ring budaya lan kearipan lokal. Meleciraken Quran basa Using iki minangka produk hang nyata ring tengahe masarakat teka Universitas Islam Negeri Kiai Haji Achmad Siddiq (UIN KHAS) Jember hang penting merga ana hubungane ambi program moderasi beragama iku mauka," ujare.

Jare Prof. Suyitno, Kemenag RI liwat Puslitbang Lektur Khazanah Keagamaan dan Manajemen Organisasi Badan Litbang dan Diklat wis sukses nerjemahaken Quran nyang 20 basa lokal ring Indonesia.

Kawitane kegiyatan iku minangka dienggo njaga basa dhaerah teka ancaman musna uga sekaligus marekaken masarakat nyang kitab sucine.

"Kadhung kitab suci iku diwaca, dipahami lan diamalaken, mesthi bakale nggarai masarakat tenang," gedigu dijelentrehaken.

Kaya diweruhi, Using minangka salah siji basa dhaerah hang dienggo ring masarakat suku Using hang asale teka Banyuwangi, Jawa Timur.

Ring acara peleciran iku ditekani pirangane pejabat tinggi, antarane rektor UIN KHAS Babun Soeharto, Kepala Badan Moderasi Beragama dan Pengembangan SDM Kemenag RI Suyitno, Kepala Kementrian Agama Banyuwangi Amak Burhanuddin, uga perwakilan teka Pemerintah Daerah Kabupaten Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor