Warga Desa Bades Nggendhong Indhit Sukuran Merga Paping
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 03 Januari 2023 07:29 WIB)
- Laporan
Masarakat Dusun Bades Desa Karang Bendo Kecamatan Rogojampi nganakaken sukuran lan pentas seni kanggo nengeri pungkas papingisasi dalan Kemuning. Ali Kenthus salah sijine tokoh masarakat ngomong kadhung masaŕakat Bades iku guyub rukun tandang gawe kanggo lingkungane.
"Sangking dhemene dalan kampunge dipaping, mulane gayap nalika diajak sukuran selametan. Kabeh padha nggawe sega ancakan. Paran maning aju bengine dianakaken pentas hiburan kaya gedigi iki," sambung Pelawak Lare Banyuwangi (PELANGI) iku. Disampekaken uga, sangking guyube warga, kadhung ana acara kesenian gedigi iki, paran hang diperlokaken, warga kelawan ihlas nyumbangaken paran hang diduweni. "Sing teka uwong sak uwong, kerukunan kematian nyumbang terob ambi kerusi. Pokoke warga Bades iki embuh wis," abane mungkasi gesah ambi belambangan.com tanggal 1 Jan.
Ketua Panitia, Anton nyampekaken kadhung kabeh iku dilakoni kelawan kerukunan. "Masiya hang njuged, hang maes, busanane, tabuhan lan hang nabuh pisan, kabeh iku nana hang mbayar. Kerana dhemen lan paran maning kanggo kampunge dhewek. Geratis. Kubunge Sandhiwara iki ulihe urunane warga lan tabuhane ulih bantuwan teka Pemerintah Desa Karang Bendo. Alhamdulillah warga uga uwis akeh hang nyadhari ngenengi bab mbuwang dheket," abane Ketua Panitia, Anton. Acara iku ditekani Kades, Babinsa lan tokoh agama uga tokoh masarakat.
H.Abdulah Fauzi hang diundang ngewakili Disbudpar Kab.Banyuwangi ring acara sukuran iku nyampekaken kadhung Desa Karang Bendo salah sijine "desa lawang" kanggo melebu metune wisatawan menyang Bandara Blimbingsari. Kerana dadi liwatan umum, mesthine masarakat utamane Pemerintah Desa Karang Bendo tanggap. Sedawane dalan mesthine ana payonan kanggo lare-lare tabuh-tabuhan. Embuh iku angklung, utawa kuntuĺan.
"Ring RTH-ne saben Sabtu Minggu didelehi kegiyatan kesenin lan UMKM," jare PNS hang ulan Agustus 2023 wis pangsiun iku.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







